Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 13:12 - Kitab Sutji

12 Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau, banjur ditimbali sarta dipangandikani mangkene: “He, mbok, lelaramu wis mari.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 13:12
9 Iomraidhean Croise  

Pangeran paring pangandika sarta tumuli padha diwaluyakake, padha oncat saka ing luwenging kubur.


Wus dadi keparenging panggalihingSun paring pituduh marang wong kang ora nakokake marang Ingsun; wus dadi keparenging panggalihingSun, Ingsun ditemu dening wong kang ora ngupaya marang Ingsun. Ingsun wus ngandika: “Iki Ingsun, iki Ingsun!” marang bangsa kang ora nyebut asmaningSun.


Kejene wlukunira kagemblenga dadi pedhang, lan aritira kagawea tumbak; wong kang ringkih ngucapa: “Aku iki pahlawan!”


Gusti Yesus tumuli ndlajahi satlatahe tanah Galilea kabeh, memulang ana ing papan-papan pangibadahe wong kono, sarta nggelarake Injiling Kraton, apadene nyarasake sarupane lelara lan sarupane memala, kang tinemu ing satengahing bangsa kono.


Sorene akeh wong sing padha kesurupan dhemit sing padha disowanake menyang ngarsane Gusti Yesus. Dhemite padha ditundhungi sarana pangandika lan sarupane wong kang nandhang lelara padha diwarasake.


Ing kono ana wong wadon kang kapanjingan dhemit wis wolulas taun, satemah banjur lara lan dadi wungkuk, ora bisa ngadeg jejeg.


Tumuli ditumpangi asta, lan sanalika iku uga wong wadon mau bisa ngadeg jejeg maneh lan banjur ngluhurake asmaning Allah.


Apamaneh wong wadon iki, kang wis wolulas taun lawase kabanda dening Iblis, apa ora prelu diuculi bebandane ing dina Sabat, amarga iki tedhak turune Rama Abraham?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan