Pangeran Yehuwah ngelekake mripate para wong wuta, Pangeran Yehuwah njejegake para wong kang tumungkul, Pangeran Yehuwah ngasihi marang para wong mursid.
Iki bakal dakeling-eling, sajrone nyawaku sedhih lan lesu: sarehne wonge akeh banget kapriye bisaku maju ndhisiki wong-wong iku menyang ing padalemaning Allah kalawan surak-surak lan ngrepekake kidung panuwun, ana ing karameaning wong-wong kang padha nganakake pahargyan.
Gusti Yesus tumuli ndlajahi satlatahe tanah Galilea kabeh, memulang ana ing papan-papan pangibadahe wong kono, sarta nggelarake Injiling Kraton, apadene nyarasake sarupane lelara lan sarupane memala, kang tinemu ing satengahing bangsa kono.
Apamaneh wong wadon iki, kang wis wolulas taun lawase kabanda dening Iblis, apa ora prelu diuculi bebandane ing dina Sabat, amarga iki tedhak turune Rama Abraham?”
lan uga dening wong wadon sawatara kang wis padha kawarasake anggone kasurupan dhemit utawa anggone nandhang lelara warna-warna, yaiku Maryam kang karan Magdalena, kang wis katundhung dhemite pitu,
Bareng Gusti Yesus wis minggah ing dharatan, tumuli ana wong lanang saka ing kutha kono kang sowan ing ngarsane, wong iku kepanjingan dhemit akeh, sarta wis suwe anggone ora nganggo sandhangan lan ora saba ing omah, nanging mung ana ing pakuburan bae.
Ing kono ana wong lumpuh lair mula, mulane saben dina digendhong lan diselehake ing sacedhake gapuraning Padaleman Suci kang aran Gapura Endah, supaya ngemis marang wong kang padha lumebu menyang ing Padaleman Suci.