Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 12:9 - Kitab Sutji

9 Nanging sing sapa nyelaki Aku ana ing ngareping wong, iya bakal diselaki ana ing ngarepane para malaekating Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 12:9
15 Iomraidhean Croise  

Nanging sing sapa nyelaki Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal Dakselaki ana ing ngarsane RamaKu kang ana ing swarga.”


Nanging wangsulane panganten lanang: Satemene pituturku marang kowe: Aku ora wanuh karo kowe.


“Besuk manawa Putraning Manungsa rawuh ngagem kamulyane lan sakabehing malaekat padha ndherekake, Panjenengane banjur lenggah ing dhampar kamulyan.


Sarta Sang Nata bakal ngandika marang kang ana sisih kiwane: Sumingkira saka ing ngarsaningSun, heh, wong kang padha kena ing laknat, sumingkira menyang ing geni langgeng, kang wis kacawisake kanggo Iblis lan para malaekate.


Ing wektu iku bakal padha dakblakani mangkene: Aku durung tau wanuh karo kowe. Padha sumingkira saka ing ngarepKu, heh, wong kang padha gawe duraka.”


Sabab sing sapa isin marga saka Aku lan marga saka tembung-tembungKu ana ing ngarepe jinis kang ora setya lan dosa iki, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, manawa besuk rawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekat suci.”


Aku pitutur marang kowe: Samono uga para malaekate Gusti Allah bakal padha bungah-bungah, jalaran ana wong dosa siji kang mratobat.”


Nanging Petrus selak, pangucape: “Boten, kula boten wanuh kalih wong niku!”


Awit sing sapa isin marga saka Aku lan pituturKu, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, besuk manawa Panjenengane rawuh kanthi kamulyane piyambak, lan kamulyane Sang Rama sarta para malaekat suci.


manawa kita nahanake iya bakal ndherek Panjenengane ngereh; manawa kita nyelaki Panjenengane iya bakal diselaki Panjenengane;


Amarga wong kang nyelaki marang Sang Putra iku iya ora nduweni Sang Rama. Kang ngakoni marang Sang Putra, iya nduweni Sang Rama.


Anadene ing samengko, he, anak-anakku, padha tetepa ana ing Panjenengane, supaya samasa Panjenengane ngatingal, kita padha tatag ing pracaya lan ora usah isin ana ing ngarsane besuk ing dina rawuhe.


Ingsun ngudaneni sakehing panggawenira. Sira wus Sunwengani lawang kang ora bisa kainebake dening wong. Ingsun mirsa manawa kakuwatanira ora sapiraa, nanging sira netepi pangandikaningSun sarta ora nyelaki asmaningSun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan