Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 12:7 - Kitab Sutji

7 malah dalasan rambuting sirahmu iku wis dietung kabeh. Mulane aja padha wedi, ajimu rak ngungkuli manuk emprit pirang-pirang.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 12:7
10 Iomraidhean Croise  

Unjuke wong wadon iku: “Mugi Sang Prabu tansah enget dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah dalem, supados pun waris pulih rah punika sampun ngantos kekathahen anggenipun nuwuhaken karisakan lan sampun ngantos sami mejahi anak kawula punika.” Sang Prabu banjur ngandika: “Demi Sang Yehuwah agesang, ora bakal ana rambut saeler-elera kang runtuh saka sirahe anakira ing bumi.”


kang maringi kita akal-budi ngungkuli kewan ing bumi, lan kawicaksanan ngungkuli manuk ing awang-awang?


Ewadene Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik katimbang kaliyan titah ing swarga, sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan.


Apa ajine manungsa iku ora ngungkuli wedhus banget? Mulane kalilan bae nindakake kabecikan ing dina Sabat.”


Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewadene padha kaparingan pakan dening Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacek luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku?


Nanging ora ana rambutmu saeler bae kang bakal ilang.


Milanipun kula ngaturi pamrayogi, sami karsaa dhahar rumiyin. Bab punika prelu kangge kawilujengan panjenengan. Ing antawis panjenengan boten wonten satunggal kemawon ingkang badhe kecalan rambut sanadyan namung saeler kemawon saking sirahipun.”


Nanging wong akeh padha munjuk marang Sang Prabu Saul: “Kenging punapa Pangeran Yonatan kedah kasedanan? Rak panjenenganipun ingkang angsal kaunggulan ageng wonten ing Israel. Punika sampun ngantos kelampahan! Demi asmanipun Sang Yehuwah ingkang gesang, remanipun saeler kemawon sampun ngantos dhawah ing siti! Amargi saking pitulunganipun Sang Yehuwah ugi prakawis punika kelampahan ing dinten punika.” Mengkono wong akeh anggone nguwalake Pangeran Yonatan, temah ora kasedanan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan