Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 12:57 - Kitab Sutji

57 Lan maneh yagene kowe padha ora netepake dhewe apa kang bener?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 12:57
10 Iomraidhean Croise  

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, manawa kowe pracaya ora nganggo mangu-mangu, kowe mesthi ora mung bisa nindakake apa kang Daktindakake tumrap marang wit anjir iki bae, nanging sanadyan gunung iki kokcalathoni: Mumbula lan ambyura ing sagara, mesthi iya bakal kalakon.


Sabab Yokanan anggone teka iku prelu nuduhake dalaning kayekten marang kowe, ewadene kowe ora pracaya marang dheweke. Nanging para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila padha pracaya marang dheweke. Nanging kowe kabeh sanadyan weruh, ora banjur kaduwung lan uga ora pracaya marang dheweke.”


Manawa kowe padha nyumurupi yen wis padha semi, kowe padha ngreti dhewe, yen wis ngarepake mangsa panas.


Anggonmu ngukumi aja manut apa kang katon, nanging ngukumana kanthi adil.”


Tuwin kalawan pangandika-pangandika liyane akeh maneh panjenengane paring paseksen kang sanyata marang wong-wong kabeh iku sarta padha diparingi pitutur, pangandikane: “Sami kula aturi sumingkir saking jinis ingkang kablinger punika.”


Padha timbang-timbangen dhewe: Apa pantes wong wadon ndedonga marang Gusti Allah, sirahe kok ora kudhungan?


Saka kodrate dhewe rak wis tetela tumrap kowe, yen asor mungguhing wong lanang, samangsa rambute diingu dawa?


Saupama wicaksanaa, mesthi ngerti prakara iki, sarta mikir kapriye bakal wekasane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan