Saka bani Isakhar para wong kang duwe kawruh bab wektu-wektu kang trep, satemah padha nyumurupi apa kang prayoga katindakake dening wong Israel: rong atus, padha dadi kepala karo sakehe sadulure tunggal suku kang dadi reh-rehane.
Lah Ingsun nglampahake utusaningSun, Sundhawuhi ngrata dalan ana ing ngarsaningSun! Kalawan dadakan Pangeran kang sira goleki iku bakal rawuh ing padalemane! Lah Malaekate prasetyan kang sira karepake iku rawuh –, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.
Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang.
Ing wektu iku Gusti Yesus munjuk: “Dhuh, Rama, Pangeraning swarga lan bumi, kawula ngaturaken genging panuwun, dene bab punika sadaya Paduka damel wados tumrap tiyang wicaksana saha tiyang wasis, nanging Paduka lairaken dhateng lare-lare.
sarta esuk, manawa langite katon abang surem, kandhamu: Iki dina ora becik. Kowe bisa mbedakake rupaning langit, nanging tandha-tandhaning jaman ora ngreti.
Mulane yen kowe dedana, aja kokjuwarakake kaya adate para wong lamis ana ing papan-papan pangibadah lan ing lurung-lurung, pamrihe supaya dialem ing wong. Satemene Aku pitutur marang kowe, iku wus padha tampa pituwase.