LUKAS 12:5 - Kitab Sutji5 Kowe padha Daktuduhi, sapa kang kudu kokwedeni. Padha wedia marang Panjenengane, kang sawise mateni iya kawasa nyemplungake wong menyang ing naraka. Sabenere Aku pitutur marang kowe: Iya Panjenengane iku kang kudu kokwedeni. Faic an caibideil |
Sira kok dadi ora wedi marang Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – lan ora gumeter ana ing ngarsaningSun? Rak Ingsun kang ndadekake pasisir wedhi minangka watesing sagara, kang dadi wewates tetep, kang ora kena dilangkahi? Nadyan sagarane molak-malika iya ora keconggah, sanadyan alun-alune gumulung-gulung, iya ora bakal ngliwati watese.