46 samangsa bendarane rawuh ing dina kang ora kanyana lan ing wayah kang ora disumurupi, mesthi wong mau bakal dipateni lan dianggep padha bae karo wong kang ora setya.
Nanging manawa abdi mau duwe gagasan mangkene: Bendaraku kok ora rawuh-rawuh, banjur wiwit nggitiki para abdi lanang lan wadon, sarta mangan lan ngombe nganti mendem,
Anadene abdi kang ngreti marang karsane bendarane, mangka ora cecawis utawa ora nindakake apa kang dikarsakake dening bendarane, iku bakal digebugi marambah-rambah.
“Wruhanira, Ingsun rawuh kaya maling. Rahayu, wong kang jumaga lan kang ngrumat sandhangane, supaya anggone lumaku aja nganti kalawan wuda lan katon kawirangane.”