Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 12:45 - Kitab Sutji

45 Nanging manawa abdi mau duwe gagasan mangkene: Bendaraku kok ora rawuh-rawuh, banjur wiwit nggitiki para abdi lanang lan wadon, sarta mangan lan ngombe nganti mendem,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 12:45
31 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah maringi katentreman kang dadi gondhelane, lan mirsani salakune.


Lah ing ngarsaningSun wus ana tulisan mangkene: Ingsun ora bakal kendel bae, Ingsun malah bakal ndhawahake piwales, piwales marang para wong iku,


Nabi Yeremia nuli disapu lan dibelok ana ing gapura Benyamin, kang ana ing dhuwure padalemane Sang Yehuwah.


“He, anaking manungsa, bebasan apa kang tinemu ana ing satengahira ana ing tanah Israel, kang surasane: Wektune wus suwe, nanging ora ana wahyu siji bae kang kelakon?


Demi Ingsun kang gesang, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – ing sarehne wedhus-wedhusingSun nyata-nyata dadi mangsaning sakehe kewan ing alas, marga ora ana pangone, jalaran para pangoningSun ora padha mreduli marang wedhus-wedhusingSun, nanging mung padha ngengon awake dhewe bae, dene wedhus-wedhusingSun ora padha diengon,


dene liyane padha nyekel para abdi mau, dikaniaya sarta dipateni.


Aku pitutur marang kowe: Satemene bendarane mau mesthi bakal ngangkat dheweke dadi abdi kang tinanggenah rumeksa marang sabarang kagungane bendarane kabeh.


samangsa bendarane rawuh ing dina kang ora kanyana lan ing wayah kang ora disumurupi, mesthi wong mau bakal dipateni lan dianggep padha bae karo wong kang ora setya.


“Padha jaganen awakmu dhewe, atimu aja nganti kabotan dening pista gedhen lan mendem, tuwin dening kasusahaning ngaurip sarta supaya Dinaning Pangeran mau aja nganti tumempuh marang kowe kalawan dadakan kayadene kalajiret.


sarta matur: “Saben tiyang nyegah anggur punika ingkang sae rumiyin. Dene manawi para tamu anggenipun ngunjuk sampun kathah lajeng saweg nyegahaken ingkang kirang sae. Nanging Panjenengan kok nyimpen anggur ingkang sae ngantos sapunika.”


Uga para abdiningSun lanang lan wadon bakal Sunesoki RohingSun ing dina-dina iku, lan bakal padha medhar wangsit.


Sabab wong kang kaya mangkono iku, padha ora leladi marang Sang Kristus, Gusti kita, nanging padha ngawula marang wetenge dhewe. Lan kanthi tembunge kang muluk-muluk lan basane kang manis, padha nindakake apus krama marang kang padha tulus atine.


Awit kowe sabar, manawa ana wong nganggep kowe batur tukon, manawa ana wong meres kowe, manawa ana wong ngereh kowe, manawa ana wong ngetokake gumunggunge marang kowe, manawa ana wong napuk kowe.


Kowe nuli padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dhewe, iya anak-anakmu lanang lan wadon, batur-baturmu lanang lan wadon, dalah wong Lewi kang dedunung ana ing panggonanmu, marga iku ora melu nduweni tanah pusaka ing tengahmu.


Jalaran wong kang padha turu, iku turune ing wayah bengi, lan kang padha mendem, iku anggone mendem ing wayah bengi.


sarta bakal ngalami nasib ala minangka pituwasing durakane. Seneng-seneng saben awan kaanggep sawijining kanikmatan. Padha dadi jejember sarta blentong, kang mendem ing sajroning nuruti hawa-nepsune, samasa padha mangan ngombe bebarengan karo kowe kabeh.


Padha njanjeni kamardikan marang wong liya, mangka awake dhewe padha dadi baturing karusakan. Jalaran sing sapa katelukake dening wong, iku iya dadi bature wong iku.


Amargi tiyang punika sampun sami ngwutahaken rahipun para suci lan para nabi, Paduka inggih sampun ngombeni rah tiyang-tiyang punika; makaten punika sampun samesthinipun tumrap tiyang-tiyang punika!”


Sarta ing kutha iku tinemu getihe para nabi lan para suci, apadene getihe sakehe wong kang padha kapatenan ana ing bumi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan