37 Begja para abdi kang sarawuhe bendarane ketemu melek. Aku pitutur ing kowe: Satemene bendara mau bakal sabukan, abdine padha didhawuhi mangan bebarengan, bendarane bakal nyedhaki ngladeni.
Amarga kayadene jaka duwe bojo prawan, mangkono uga Panjenengane kang mbangun kowe bakal dadi jodhomu, lan kayadene bungahing atine penganten lanang ndeleng penganten wadon, mangkono uga Gusti Allahmu bakal rena ing panggalih marga saka kowe.
Ingsun bakal karenan damel becik marang wong-wong iku, marga saka wong-wong iku, sarta Sundamel tuwuh ana ing nagara kene kalawan setya, kalawan gumolonging galih lan gumolonging nyawaningSun.
Pangeran Yehuwah Allahmu ana ing tengahmu, bakal jumeneng dadi Pahlawan kang paring kaunggulan; banget karenan ing galih marga saka kowe. Panjenengane nganyarake kowe ana ing sihe, kanthi sumyak anggone sukarena ing ngatase kowe,
Sarta kowe padha kayaa wong-wong kang nganti-anti rawuhe bendarane saka pahargyan memanton, supaya manawa wis kondur lan thothok-thothok lawang, enggal bisa ngengani lawang.
Apa ora malah kosokbaline, dicalathoni mangkene: Aku cawisana mangan, kowe banjur sabukana lan ngladenana nganti sarampunge anggonku mangan lan ngombe. Lan sawise iku kowe kena mangan lan ngombe.
Padha tansah jumagaa lan ndedongaa, supaya kowe diparingana kakuwatan kang njalari kowe padha ora bakal katempuh dening apa kang bakal kalakon iku lan supaya kowe padha bisa tahan anggonmu ana ing ngarsane Putraning Manungsa.”
Amarga sapa ta kang luwih dhuwur: kang linggih mangan, apa kang ngladeni? Rak kang linggih mangan? Ananging Aku iki ana ing tengah-tengahmu kayadene kang ngladeni.
Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi padununganKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawula Aku, dheweke bakal diajeni dening Sang Rama.
Nanging kaya kang katulisan, wiraose: “Kang ora tau kadeleng ing mripat, lan ora tau rinungu ing kuping, sarta kang ora tau tuwuh ing atining manungsa: kabeh kang wus kacawisake dening Gusti Allah marang kang padha nresnani Panjenengane iku.”
Kalawan mangkono iku, kowe bakal kaparingan wewenang sakatoge lumebu ing Kraton kang langgeng, yaiku Kratone Gusti lan Pamarta kita Gusti Yesus Kristus.
Mulane para kekasih, sajrone kowe padha nganti-anti marang iku mau, padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong ana ing ngarsane kalawan tentrem-rahayu.
Aku tumuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Tulisen: Rahayu para wong kang mati lan matine ana ing patunggilane Gusti, wiwit ing samengko.” “Sanyata,” pangandikane Sang Roh, “supaya padha aso saka ing rekasane, awit sakehing panggawene padha mbarengi lakune.”
“Wruhanira, Ingsun rawuh kaya maling. Rahayu, wong kang jumaga lan kang ngrumat sandhangane, supaya anggone lumaku aja nganti kalawan wuda lan katon kawirangane.”
Sing sapa unggul, iku bakal Sunwenangake lungguh kalawan Ingsun ana ing dhamparingSun, padha kaya Ingsun uga wus unggul lan banjur lenggah kalawan RamaningSun ana ing dhampare.
Amarga bakal padha diengen sarta diirid menyang tuking banyu kauripan dening Sang Cempe kang ana satengahing dhampar iku, lan Gusti Allah bakal ngusapi sakehe eluh ing mripate.”