Nanging Nabi Elia kaayoman ing pangwaosing Pangeran Yehuwah. Panjenengane ngencengake paningsete banjur lumajeng ngrumiyini Sang Prabu Akhab nganti tekan ing dalan kang menyang ing Yizreel.
Panunggalane ora ana kang kesel lan ora ana kang kesandhung, ora padha ngantuk utawa keturon, ora ana kang ucul sabuke, ora ana kang pedhot talining trumpahe;
Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.”
Sarta kowe padha kayaa wong-wong kang nganti-anti rawuhe bendarane saka pahargyan memanton, supaya manawa wis kondur lan thothok-thothok lawang, enggal bisa ngengani lawang.
supaya kowe ora padha kaciren lan ora padha cacad, padha dadi putraning Gusti Allah kang tanpa cacad ing satengahing golongan kang kablinger lan mblasar iki, satemah ana ing satengahing wong-wong iku kowe sumunar kaya lintang-lintang ing jagad,
Mulane cawisna akal-budimu sarta sing waspada, apadene sakehing pangarep-arepmu dhasarna ing sih-rahmat kang kaparingake marang kowe ing wektu kababare Gusti Yesus Kristus.