Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 12:33 - Kitab Sutji

33 Barang darbekmu dolana kabeh, banjur dedanaa! Gawea kanthong-kanthong kang ora bisa lawas, nglumpukna rajabrana ing swarga, kang ora bakal entek, kang ora bakal katekanan maling sarta ora bakal karusak dening renget.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 12:33
14 Iomraidhean Croise  

Ana wong kang sumugih-sugih, nanging ora duwe apa-apa, ana uga kang ethok-ethok miskin, mangka bandhane akeh.


Sira iku nyebar akeh, nanging sathithik oleh-olehane kang sira gawa mulih; sira mangan, nanging ora nganti wareg; anggonira ngombe ora nganti marem; anggonira nyandhang, ora nganti anget awakira; apadene wong kang buruh, sawuse nyambutgawe anggone nyimpen buruhane ana ing kanthong kang bolong!


Pangandikane Gusti Yesus: “Yen kowe arep sampurna, wis lungaa, barang darbekmu kabeh dolana, lan pepayone kabeh wenehna marang wong miskin, temahan kowe oleh bandha ana ing swarga, banjur mrenea, melua Aku.”


Mung bae isine iku danakna, lah ing mengko kabeh-kabehe bakal dadi resik tumrap kowe.


Iya kaya mangkono iku kadadeane wong kang nglumpukake bandha kanggo awake dhewe, mangka ora duwe kasugihan ana ing ngarsaning Allah.”


Lan Aku pitutur marang kowe: Padha memitrana kalawan migunakake Mamon kang ora temen iku, supaya manawa kowe koncatan Mamon iku, kowe banjur ditampani ana ing tarub kang langgeng.”


Mireng kang mangkono iku Gusti Yesus banjur ngandika: “Isih ana siji kang kudu koklakoni: kabeh barang darbekmu edolana lan edum-edumna marang wong-wong miskin, temah kowe bakal duwe bandha ana ing swarga, nuli mrenea, melua Aku.”


Ujare kang mangkono iku ora marga dheweke iku mikirake wong miskin, nanging awit ambeke culika, dheweke kerep nylingkuhake dhuwit kang dicekel.


Apadene tansah ana panunggalane kang ngedol barang darbeke, banjur diedum-edumake marang wong kabeh, mawa-mawa kabutuhane.


Awit sajroning tampa pacoban kang abot kang awujud kasangsaran mawarna-warna, kabungahane ngluwihi, lan sanadyan padha miskin banget, ewasamono ngluberake kasugihaning kamurahane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan