28 Dadi, yen suket ing ara-ara, kang saiki isih ana, sesuk kabuwang ing geni, iku dipanganggoni dening Gusti Allah nganti kaya mangkono, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel!
Ana swara kang dhawuh: “Sira nguwuh-uwuha!” Aku munjuk: “Punapa ingkang kedah kawula ucapaken kalayan sora?” “Umat manungsa kabeh iku kayadene suket lan sakehing kaendahane kaya kembang ing ara-ara.
Bareng Gusti Yesus mirsa apa sing padha dirembug iku, tumuli ngandika: “Yagene kowe padha rerembugan bab ora ana roti, heh, wong kang cupet ing pangandel?
Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel lan kang kablinger, nganti pira lawase anggonKu isih kudu tetunggalan karo kowe kabeh? Nganti pira lawase anggonKu isih kudu tahan ana ing antaramu? Bocahe prenekna!”
Banjur padha kaparingan wangsulan: “Jalaran pracayamu kurang. Sabab satemene pituturKu marang kowe: Saupama kowe duwe pangandel sawiji sawi bae, kowe bisa akon gunung: Sumingkira saka ing kene mrana. Gununge iku mesthi ngalih, sarta ora ana barang kang mokal tumrap kowe.
Mulane yen suket ing ara-ara kang dina iki isih ana, sesuk diobong, iku dipanganggoni nganti kaya mangkono dening Allah, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel!
Pangandikane Gusti: “Yagene kowe padha wedi, heh, wong kang cupet ing pangandel?” Gusti Yesus banjur jumeneng lan ndukani angin sarta sagara, tumuli sirep.
Panjenengane nuli ngandika: “Pangandelmu iku ana ing ngendi?” Kabeh padha wedi lan kaeraman, sarta padha sapocapan mangkene: “Sapa baya Panjenengane iku, dene nganti angin lan banyu padha ngestokake dhawuhe?”
Sabab bumi kang nesep banyu udan kang kerep tumiba ing dhuwure, kang metokake tanem tuwuh kang maedahi tumrap kang nggarap iku, tampa berkah saka Gusti Allah;