Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 12:26 - Kitab Sutji

26 Dadi yen kowe bab kang sepele dhewe bae ora bisa, kapriye dene kok nyumelangake bab liya-liyane?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 12:26
7 Iomraidhean Croise  

Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah; saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka, pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. (Selah)


Manawa marang pakaryaning Allah! Sapa kang bisa nglencengake apa kang wus kabengkokake dening Panjenengane?


Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, bab apa kang bakal kokpangan utawa kokombe, lan bab badanmu, apa kang bakal kokanggo. Ajine urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajine badan ngungkuli sandhangan?


Sapa ta panunggalanmu kang marga saka sumelang bisa nyambungi umure saasta?


Padha tamatna kembang bakung kae, ora ngantih ora nenun, ewadene pituturKu marang kowe: Sang Prabu Suleman sajrone sagunging kaluhurane, pangagemane ora ngungkuli endahe salah sijine kembang iku.


Mulane aja padha mrihatinake apa kang bakal kokpangan lan kokombe sarta aja melang-melang.


Sakabehing sumelangmu pasrahna marang Panjenengane, sabab Panjenengane kang ngopeni kowe kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan