Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 12:21 - Kitab Sutji

21 Iya kaya mangkono iku kadadeane wong kang nglumpukake bandha kanggo awake dhewe, mangka ora duwe kasugihan ana ing ngarsaning Allah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 12:21
14 Iomraidhean Croise  

Ana wong kang sumugih-sugih, nanging ora duwe apa-apa, ana uga kang ethok-ethok miskin, mangka bandhane akeh.


Israel iku wit anggur kang becik thukule, kang metokake woh, saya akeh pametune, saya akeh anggone gawe misbyah sarta saya becik lemahe, saya endah anggone gawe tugu-tugu brahala.


Bilai wong kang ngarah bathi kang ora kakal kanggo kaperluaning brayate; sumedya mrenahake susuhe ana ing papan kang dhuwur, supaya bisa oncat saka ing cangkeremaning bilai.


Barang darbekmu dolana kabeh, banjur dedanaa! Gawea kanthong-kanthong kang ora bisa lawas, nglumpukna rajabrana ing swarga, kang ora bakal entek, kang ora bakal katekanan maling sarta ora bakal karusak dening renget.


Dadi, manawa kowe ora tumemen ing bab Mamon, kang ora temen iku, sapa kang bakal mitayakake barang kang sanyata marang kowe?


Nanging bilai kowe, heh, para wong sugih, awit kowe wis padha tampa panglipur saka kasugihanmu.


Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadine kowe numpuk bebendu kanggo awakmu dhewe, nganti tumeka ing dinane kababaring bebendu lan pangukume Gusti Allah kang adil,


kaya wong kang sedhih, nanging tansah bungah-bungah, kaya wong kang mlarat nanging nyugihake wong akeh; kaya wong kang ora duwe apa-apa, nanging aku padha nduweni samubarang kabeh.


Anadene wong-wong kang padha kapengin sugih padha tumiba ing panggodha lan ing kala tuwin kadunungan pepenginan warna-warna kang tanpa guna lan gawe cilaka kang ngeremake manungsa marang bilai tuwin karusakan.


Rungokna ta, sadulur-sadulurku kang daktresnani, Gusti Allah apa ora wus milih wong miskin ing donya iki, supaya padha dadia sugih ing sajroning pracaya sarta padha dadi ahli-warise Kraton, kang wis diprasetyakake marang kang padha nresnani Panjenengane?


Ingsun ngudaneni ing kasusahanira lan kamlaratanira, – ananging sira sugih – apadene pangala-alane wong kang ngaku-aku wong Yahudi, mangka sanyatane dudu; dene satemene wong-wong iku paguyubane Iblis.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan