20 Ananging dhawuhe Gusti Allah marang wong mau: Heh, wong kang tanpa budi, bengi iki uga nyawanira bakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kang wis sira cawisake iku, kanggo apa bakale?
Sang Haman nyaritakake bab gedhening kasugihane sarta sakehing putrane kakung, apamaneh sakehe kaluhurane, kang diparingake dening Sang Prabu, sarta anggone kawisudha ngungkuli para panggedhe lan para abdine Sang Prabu kabeh.
Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah; saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka, pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. (Selah)
“Mrenea,” mangkono celathune, “aku arep njupuk anggur, ayo padha ngombe arak kang akeh; sesuk bakal padha karo dina iki, malah luwih dening ngedab-edabi!”
Kayadene ayam-alas kang ngengremi dudu endhoge, mangkono kaanane wong kang ngeruk bandha, kanthi patrap kang ora kalal; nalika nedheng-nedhenge umure, bakal koncatan sakabehe, temah ing wekasaning umure kesuwur dadi wong gemblung.
Manawa wong-wong padha kandha: Saiki tentrem, ora ana bebaya – mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai, kayadene wong wadon kang ngandheg dadakan nglarani – mesthi ora bakal padha bisa ngoncati.
Para wong sugih ing donya iki padha elingna, supaya aja padha gumunggung lan aja padha kadunungan pangarep-arep marang samubarang kang ora tetep kaanane, kayata kasugihan, nanging marang Gusti Allah, kang marga saka sugihe, maringi marang kita samubarang kabeh, supaya kita rasakake nikmate.
mangka kowe padha ora sumurup apa kang bakal kalakon ing dina sesuk. Apa ta tegese uripmu iku? Uripmu iku padha karo uwab, katon mung sadhela banjur sirna.