Padha seneng saos kurban sembelehan, padha saos daging lan padha mangan iku; nanging iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah. Saiki panerake bakal diengeti, lan dosane bakal kaukum. Wong-wong mau kudu padha bali menyang Mesir!
Mulane kowe aja ngadili sadurunge tekan ing wektune, yaiku sadurunge Gusti rawuh. Panjenengane kang bakal medharake samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairake ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal oleh pangalem saka Gusti Allah.
Sabab kita kabeh kudu padha ngadhep ana ing ngarsane dhamparing pangadilane Sang Kristus, prelu nampani ganjaran kang cundhuk karo kang padha kita lakoni dhewe-dhewe sajrone urip iki, dadia kang becik, dadia kang ala.