19 Nyawaku nuli dakkandhanane: Heh, nyawaku, kowe wis duwe bandha akeh banget, cukup kanggo urip pirang-pirang taun, mulane ngasoa, mangana, ngombea lan seneng-senenga.
Satemene wong asor iku mung angin, para wong kang mulya iku mung pagorohan; yen kabobot ana ing timbangan njomplang mandhuwur, amarga luwih entheng katimbang angin.
Bungah-bungaha, heh wong anom, ing sajrone anggonmu isih anom, atimu cikben seneng ing wektu kowe isih anom lan turutana pepenginaning atimu lan apa kang dadi pakaremaning mripatmu, nanging sumurupa, manawa marga saka iku kabeh kowe bakal katarik dening Gusti Allah marang ing pangadilan!
Ora ana kang tumrap manungsa becike ngluwihi mangan lan ngombe sarta seneng-seneng ing sajroning kangelane. Aku sumurup, manawa iki uga saka ing astaning Allah.
nanging lah, ing satengahe tinemu kabungahan lan suka-suka, njagal sapi lan nyembeleh wedhus, mangan iwak lan ngombe anggur, kalawan nguwuh: “Ayo padha mangan lan ngombe, awit sesuk kita padha mati!”
Bilai wong kang ndhaku omah siji lan sijine sarta kang ngebeki pategalan siji lan sijine, nganti ora ana papan maneh kanggo wong liya tuwin mung kowe dhewe kang manggon ing nagara kono!
“Mrenea,” mangkono celathune, “aku arep njupuk anggur, ayo padha ngombe arak kang akeh; sesuk bakal padha karo dina iki, malah luwih dening ngedab-edabi!”
Mila jaringipun dipun sajeni kurban, sarta jalanipun dipun sajeni kurban obaran; awit pirantos-pirantos punika ingkang njalari angsal-angsalanipun kathah lan rejekinipun tirah-tirah.
Tumuli calathu: Wis, enake mangkene bae: lumbung-lumbungku dakbubrahane, banjur gawe sing luwih gedhe, kabeh gandumku lan barang-darbekku daksimpene ana ing kono.
“Padha jaganen awakmu dhewe, atimu aja nganti kabotan dening pista gedhen lan mendem, tuwin dening kasusahaning ngaurip sarta supaya Dinaning Pangeran mau aja nganti tumempuh marang kowe kalawan dadakan kayadene kalajiret.
Yen ta cara manungsa, nalika ana ing Efesus aku nganti tarung karo kewan galak, bab iku apa ta paedahe mungguhing aku? Manawa wong mati padha ora katangekake, “payo padha mangan lan ngombe, awit sesuk kita padha mati.”
Wekasane wong-wong iku nemahi karusakan, kang dadi allahe wetenge, kang dadi kamulyane kanisthane, pangangen-angene mung tumuju marang prakara kadonyan.
Para wong sugih ing donya iki padha elingna, supaya aja padha gumunggung lan aja padha kadunungan pangarep-arep marang samubarang kang ora tetep kaanane, kayata kasugihan, nanging marang Gusti Allah, kang marga saka sugihe, maringi marang kita samubarang kabeh, supaya kita rasakake nikmate.
Jalaran wus cukup suwene anggonmu nindakake kekarepane wong kang ora wanuh ing Allah. Kowe wis padha nuruti ubaling hawa-nepsu warna-warna, pepenginan, mendem, jibar-jibur, sarta nyembah brahala kang ora kaparengake.
patrapana panyiksa lan kaprihatinan, kayadene anggone wus ngrasakake kaluhuran lan kamukten. Sabab osiking atine mangkene: Aku lungguh ing dhampar kaya ratu, aku dudu randha, lan aku ora bakal tau prihatin.
Wong mau banjur nuduhake dalane marang Sang Dawud mrana, lan tinemu para wong iku pating prenca ing saindenging tanah kono, lagi padha mangan lan ngombe sarta padha nganakake pista, amarga saka akehe jarahan anggone ngrayah ana ing tanah Filisti lan Yehuda.