18 Tumuli calathu: Wis, enake mangkene bae: lumbung-lumbungku dakbubrahane, banjur gawe sing luwih gedhe, kabeh gandumku lan barang-darbekku daksimpene ana ing kono.
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula kalayan asta Paduka, saking tiyang-tiyang kadonyan punika ingkang pandumanipun wonten ing gesang samangke, padharanipun katuwukana ing simpenan Paduka, satemah anakipun sami tuwuk, sarta tirahanipun katilarna dhateng ing bayi-bayinipun.
Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewadene padha kaparingan pakan dening Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacek luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku?
Nyawaku nuli dakkandhanane: Heh, nyawaku, kowe wis duwe bandha akeh banget, cukup kanggo urip pirang-pirang taun, mulane ngasoa, mangana, ngombea lan seneng-senenga.
Padha delengen, manuk gagak iku ora padha nyebar lan ora derep apadene ora duwe gudhang utawa lumbung, ewasamono padha diparingi pangan dening Gusti Allah. Ajimu rak ngungkuli manuk-manuk iku banget!
Hakim mau sawatara lawase ora gelem, nanging wasana banjur nggagas mangkene: Sanadyan aku ora wedi marang Gusti Allah lan ora mreduli marang wong siji-sijia,
Dadi saikine, heh kowe kang padha duwe ujar mangkene: “Ing dina iki utawa sesuk aku arep mangkat menyang kutha anu, sarta arep lereb ana ing kono setaun lawase, arep laku dagang sarta golek bathi”,