Tarube wong kang ngrusak padha tentrem sarta wong kang memungu dukaning Allah padha ngalami katentreman, samono uga para wong kang arep nggegem Gusti Allah ana ing tangane.
Lah ta mungguh kaluputane sadulurira wadon Sodom iku mangkene: gumunggung, bisa mangan nganti turah-turah sarta seneng uripe dalasan para anak-anake wadon, nanging ora tetulung marang para wong sangsara lan mlarat.
Mulane Ingsun bakal mundhut baline gandumingSun ing kala mangsane, lan angguringSun ing saben wektune, apadene ngrampas wol lan lenaningSun kang kanggo nutupi kawirangane.
supaya kowe padha katitika, yen dadi putrane Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethekake srengenge marang wong ala lan wong becik, sarta nurunake udan marang wong kang ambek adil lan kang ora.
Banjur ngandika marang wong akeh: “Sing padha awas, wekanana sakabehing budi kethaha, sabab sanadyan wong duwe bandha nganti akeh banget, uripe wong iku ora gumantung marang kasugihane iku.”
nanging Panjenenganipun inggih tansah ngatingalaken kamirahanipun, inggih punika anggenipun maringi jawah sarta mangsa mirah dhateng panjenengan sadaya saking ing langit, sarta panggalih panjenengan tinuwukan ing tedha lan kabingahan.”