Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 12:15 - Kitab Sutji

15 Banjur ngandika marang wong akeh: “Sing padha awas, wekanana sakabehing budi kethaha, sabab sanadyan wong duwe bandha nganti akeh banget, uripe wong iku ora gumantung marang kasugihane iku.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 12:15
34 Iomraidhean Croise  

Simei banjur enggal-enggal ngabah-abahi kuldine nuli mangkat menyang ing Gat, ing wewengkone Sang Prabu Akhis, nggoleki bature mau. Sawuse mangkono tumuli mulih kanthi nggawa batur-bature mau saka ing Gat.


Iblis banjur ngunjuki wangsulan marang Sang Yehuwah: “Kulit gegentosing kulit; punapa sadarbekipun tiyang mesthi dipun tombokaken supados kapitulungan gesang.


Awit tiyang duraka punika ngegung-egungaken pepenginaning manahipun, lan tiyang kethaha punika nyupatani lan ngawon-awon Sang Yehuwah.


Sathithika kae barang darbeke wong mursid iku luwih becik katimbang karo mubra-mubrune wong duraka.


Satemene wong asor iku mung angin, para wong kang mulya iku mung pagorohan; yen kabobot ana ing timbangan njomplang mandhuwur, amarga luwih entheng katimbang angin.


Luwih becik barang sathithik kang dikantheni wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, tinimbang karo kasugihan akeh kang dikantheni sumelang.


Oleh kawicaksanan iku pranyata banget ngluwihi oleh mas, lan oleh pangreten banget ngungkuli oleh salaka.


Pemimpin kang cupet ing budi iku keras panindhese, nanging kang sengit marang bebathen kang ora absah iku dawa umure.


Lah, wiwit saka kang cilik nganti tumeka kang gedhe, panunggalane wong-wong iku, kabeh padha ngudi oleh bathi, dadia nabi dadia imam kabeh padha ngapusi.


Wong-wong mau banjur padha marani sira kaya rakyat kang nglumpuk lan padha lungguh ana ing ngarepira, katon kaya umatingSun sarta padha krungu apa kang sira ucapake, nanging padha ora nglakoni mangkono; cangkeme kebak tetembungan kang isi katresnan, nanging atine mburu kauntungan kang nistha.


kang manawa melik pategalan, iya tumuli ngrebut, lan omah-omah, iya banjur disrobot bae, kang ngroda-peksa wong dalah saisine omahe wong satanah-pusakane.


Bilai wong kang ngarah bathi kang ora kakal kanggo kaperluaning brayate; sumedya mrenahake susuhe ana ing papan kang dhuwur, supaya bisa oncat saka ing cangkeremaning bilai.


laku bandrek, srakah, piala, akal palsu, hawa-nepsu, meri, panyatur ala, gumedhe, tanpa budi.


Sawise mangkono banjur padha dipangandikani kalawan pasemon mangkene: “Ana sawijining wong sugih, pametuning palemahane akeh banget.


Iku mau kabeh iya kaprungu dening wong-wong Farisi, kang padha karem bandha, banjur padha ngencepi Panjenengane.


“Padha jaganen awakmu dhewe, atimu aja nganti kabotan dening pista gedhen lan mendem, tuwin dening kasusahaning ngaurip sarta supaya Dinaning Pangeran mau aja nganti tumempuh marang kowe kalawan dadakan kayadene kalajiret.


Kang tumiba ing thethukulan eri iku wong kang padha ngrungokake pangandika, nanging sajrone thukul iku tumuli kelindhih ing rasa sumelang, kasugihan lan kanikmataning ngaurip satemah ora bisa metokake woh kang mateng.


kang nyenyolong, cethil, seneng mendem, tukang mitenah lan tukang ngapusi, iku ora bakal tampa panduman warisan Kratoning Allah.


Mulane kowe padha matenana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku jina, tindak rusuh, hawa nepsu, kapencut, mangkono uga budi kethaha, kang dadi ewone panyembah brahala,


Wong bakal padha mung mikir marang awake dhewe lan karem bandha. Bakal padha gumunggung, lan mamerake dhiri pribadi, bakal dadi tukang mitenah, bakal wani karo wong tuwa sarta ora duwe panarima, ora mreduli marang agama,


Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.”


ing antawisipun barang jarahan punika kula tingali wonten jubahipun satunggal ingkang endah, damelan ing Sinear, sarta selaka kalih atus sekel, punapa dene jene salonjor ingkang wawratipun seket sekel; awit saking kepengin kula lajeng kula pendhet; lan barangipun sami kula dhelikaken wonten ing siti ing lebetipun kemah kula, selakanipun wonten ing ngandhap piyambak.”


Mripate kebak isi pepenginan laku bedhang, ora mari-mari anggone gawe dosa. Wong-wong iku padha mbebujuk wong-wong kang ringkih atine. Wateke wis kulina srakah. Pancen dhasar wong kang padha kena ing ipat-ipat!


Sarta marga saka srakahe, guru-guru palsu iku bakal padha ngudi golek kauntungan saka kowe kabeh kanthi dongeng-dongenge kang ngayawara.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan