13 Tumuli ana wong panunggalane wong akeh iku kang matur marang Gusti Yesus: “Guru, Paduka mugi karsaa ndhawuhi sadherek kawula, supados andum warisan kaliyan kawula.”
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula kalayan asta Paduka, saking tiyang-tiyang kadonyan punika ingkang pandumanipun wonten ing gesang samangke, padharanipun katuwukana ing simpenan Paduka, satemah anakipun sami tuwuk, sarta tirahanipun katilarna dhateng ing bayi-bayinipun.
Wong-wong mau banjur padha marani sira kaya rakyat kang nglumpuk lan padha lungguh ana ing ngarepira, katon kaya umatingSun sarta padha krungu apa kang sira ucapake, nanging padha ora nglakoni mangkono; cangkeme kebak tetembungan kang isi katresnan, nanging atine mburu kauntungan kang nistha.
Wong kang becik iku metokake barang kang becik saka ing simpenaning atine kang becik, dene wong kang ala iku metokake barang kang ala saka ing simpenaning atine kang ala. Sabab kang diucapake dening cangkem, iku mbludag saka ing sajroning ati.”