Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 12:12 - Kitab Sutji

12 Amarga ing wektu iku uga Sang Roh Suci bakal muruki kowe apa kang kudu kokaturake.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 12:12
11 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Yehuwah ngandika: “Sapa kang nitahake ilate manungsa, lan sapa kang nitahake wong bisu utawa budheg, wong melek utawa wong wuta? Apa dudu Ingsun, Yehuwah?


Kang iku sira mangkata, Ingsun kang bakal ngereh ilatira lan mulang marang sira apa kang kudu sira ucapake.”


Anadene manawa kowe padha kalakon diladekake, aja padha sumelang ing bab kapriye lan apa kang bakal kok aturake, amarga iku kabeh sanalika iku uga bakal kaparingake marang kowe.


Awit dudu kowe kang caturan, nanging Rohe Ramamu kang ngandika lumantar kowe.


Tumuli ana wong panunggalane wong akeh iku kang matur marang Gusti Yesus: “Guru, Paduka mugi karsaa ndhawuhi sadherek kawula, supados andum warisan kaliyan kawula.”


Sabab Aku dhewe kang bakal maringi marang kowe tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowe ora bisa dilawan utawa dibantah dening mungsuh-mungsuhmu.


Rasul Petrus, kapenuhan ing Sang Roh Suci, tumuli matur: “Kula nuwun, para pangajenging bangsa saha para pinisepuh,


nanging padha ora bisa nglawan kawicaksanane sarta Sang Roh Suci, kang nuntun pamicarane.


Nanging Sang Stefanus kapenuhan ing Roh Suci, tumenga marang ing langit, banjur mirsa kamulyaning Allah lan Gusti Yesus jumeneng ing tengening Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan