Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 12:11 - Kitab Sutji

11 Manawa kowe padha diladekake marang ngarsane para pradata-agama, apa marang ngarsane para pamarentah utawa para kang ngasta panguwasa, aja padha sumelang, kapriye lan apa kang kudu kokaturake ana ing panjawabmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 12:11
14 Iomraidhean Croise  

Kang iku sira mangkata, Ingsun kang bakal ngereh ilatira lan mulang marang sira apa kang kudu sira ucapake.”


“Mulane delengen, Aku ngutus nabi-nabi, para wong wicaksana lan para ahli Toret nekani kowe sarta ana kang banjur kokpateni lan koksalib, ana maneh kang bakal padha koksapu ana ing papan-papan pangibadahmu, lan kokoyak-oyak saka ing kutha kang siji menyang ing kutha sijine,


Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, bab apa kang bakal kokpangan utawa kokombe, lan bab badanmu, apa kang bakal kokanggo. Ajine urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajine badan ngungkuli sandhangan?


Sapa ta panunggalanmu kang bisa nyambungi umure saasta bae marga saka sumelang?


Mangkono maneh yagene kowe padha sumelang bab sandhang-panganggo? Padha nyawanga kembang bakung ing ara-ara anggone tumuwuh, ora nganggo nyambut-gawe lan ngantih.


Awit saka iku aja padha sumelang lan calathu: Kang padha dakpangan apa? Utawa: Kang padha dakombe apa? Lan maneh: Kang padha daksandhang apa?


Mulane aja padha sumelang ing bab dina sesuk, amarga dina sesuk iku kadunungan kasusahan dhewe. Kasusahan sadina, wus cukup kanggo sadina.”


Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabate: “Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, apa kang bakal kokpangan, lan aja sumelang ing bab awakmu, apa kang bakal koksandhang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan