Saprakara kang wus daksuwun marang Sang Yehuwah, yaiku kang dakpengini muga bisa manggon ana ing padalemane Sang Yehuwah ing salawase urip, nyawang kadarmane Sang Yehuwah sarta ngrasakake nikmate ana ing pasucene.
Kekasihku dakwengani lawang, nanging kekasihku wis mengker, ngical. Kaya semaput-semaputa aku bareng Panjenengane ngical. Panjenengane daklari, nanging ora tinemu, dakaturi, nanging ora paring wangsulan.
Ora tau Ingsun ngandika kalawan asingidan tuwin ana ing panggonan ing bumi kang peteng. Ora tau Ingsun dhawuh marang turuning Yakub supaya ngupaya Ingsun kalawan nglaha! Ingsun, Yehuwah, manawa ngandika mesthi bener, sarta tansah martakake apa kang sanyata.”
Sesambata marang Ingsun, Ingsun mesthi bakal maringi wangsulan marang sira, lan Ingsun bakal paring sumurup marang sira, prakara-prakara kang gedhe lan kang sinamar, yaiku bab-bab kang ora sira sumurupi.
Anak loro mau endi sing nindakake karepe bapakne?” Atur wangsulane wong-wong mau: “Ingkang kantun.” Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe: para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila bakal ndhisiki kowe lumebu ing Kratoning Allah.
Mulane Aku pitutur marang kowe: Apa bae kang koksuwun lan kokdongakake, padha ngandela yen kowe wus kaparingan, dadi iku mesthi iya bakal kaparingake marang kowe.
Dudu kowe kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowe. Sarta Aku wus netepake, supaya kowe padha lunga lan metokake woh lan wohmu iku lestaria, dimen kowe padha kajurungana apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengKu.
Manawa kowe padha tetep dumunung ana ing Aku lan pituturKu tetep dumunung ana ing kowe, padha nyenyuwuna apa bae kang kokkarepake mesthi bakal katurutan.
Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe sumurup ing peparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ing kowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowe kang njaluk marang wong iku, tumuli kowe diwenehi banyu urip.”
Sabab Gusti Allah ngandika: “Ing mangsa kang ngremenake Ingsun wus miyarsakake sira, lan ing dinane karahayon Ingsun wus mitulungi sira.” Satemen-temene, iya wektu iki wektu kang ngremenake iku; iya dina iki dinane karahayon iku.
Nanging manawa tanpa pracaya mokal yen ndadekake keparenging Allah. Jalaran sing sapa sowan marang ngarsane Gusti Allah iku kudu pracaya manawa Gusti Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengane.
Kang iku payo padha sowan kalawan kendel marang dhamparing sih-rahmat, supaya kita oleh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari kita kapitulungan ing mangsa kang becik.
Dene manawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Gusti Allah, kang maringi marang sakabehing wong kanthi eklas, ora kanthi ngundhat-undhat, sarta bab iku bakal kaparingake marang dheweke.
Sarta pandonga kang metu saka pracaya iku bakal nylametake kang lara iku, lan bakal ditangekake dening Gusti; sarta manawa wong iku wis nglakoni dosa, dosane iku bakal diapura.
Nanging sira, iya iku wong-wong liyane kang ana ing Tiatira, kang ora ngugemi piwulang iku, lan kang ora nyinau ing wadi-wadining Iblis, kayadene anggone ngarani, iku Sundhawuhi mangkene: Ingsun ora karsa ngetrapi momotan liyane marang sira.