8 Aku pitutur marang kowe: Sanadyan oraa tangi lan menehi, marga iku mitrane, nanging marga saka anggone ora idhep isin iku, mesthi iya bakal banjur tangi uga, menehi apa kang dibutuhake.
apa iya sing ana ing sajroning omah bakal mangsuli: Aja ngribedi aku, ta, lawange wis dakkancing, aku lan anak-anakku wis padha mapan turu, aku ora bisa tangi menehi kowe.
Ananging marga saka Sang Kristus, Gusti kita, lan marga saka sihe Sang Roh, kowe padha dakpituturi, para sadulur, aku padha rewangana ndedonga marang Gusti Allah,
Amarga karepku, supaya kowe padha sumurupa, sapira abote perang kang daktindakake kanggo kowe lan para wong kang ana ing Laodhikia, lan iya kanggo sapa bae kang durung tau weruh marang pribadiku tata lair,
Salam saka Epafras marang kowe, dheweke asline saka ing antaramu, iku abdine Gusti Kristus Yesus, kang tansah ngganter anggone ndongakake kowe, supaya kowe tetep tanggon, kayadene wong-wong kang diwasa lan kang yakin temenan marang apa kang dadi karsane Gusti Allah.
Nanging garwane nganti pitung dina suwene, ing sajroning pahargyan iku tansah muwun bae. Bareng tumeka pitung dinane batangane diwedharake marang garwane, amarga tansah nggubel bae, nuli batangane dipratelakake marang bangsane.