Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 11:54 - Kitab Sutji

54 apadene padha ngudi mancing-mancing, supaya krungu pangandika kang mijil saka ing lesane, kang kena kanggo dhadhakan nangkep Panjenengane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 11:54
12 Iomraidhean Croise  

Sawuse maos layang iku Sang Nata ing Israel banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kalawan ngandika: “Apa ingsun iki Gusti Allah kang bisa mateni lan nguripake, dene wong iki kok kongkonan marang ingsun supaya ingsun nyarasake wong kang lara saraat? Satemene, padha gatekna lan wawasen, wong iku rak mung golek dadakan marang ingsun.”


Sawise mangkono wong-wong Farisi banjur lunga, padha rerembugan bab kapriye anggone bisa nyengkolong Gusti Yesus sarana pitakonan.


Nanging Gusti Yesus mirsa bab kaculikaning atine wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “He, wong lamis, yagene kowe padha nyoba marang Aku?


Ana siji panunggalane wong-wong mau, yaiku ahli Toret, sing arep nyoba marang Panjenengane, matur pitakon:


Wong-wong mau banjur kongkonan wong Farisi lan wong Herodhian sawatara sowan ing ngarsane, sedyane arep nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan.


Wong-wong padha ngulatake, apa bakal marasake wong iku ing dina Sabat, supaya anaa dhadhakan kanggo nglapurake Panjenengane.


Bareng Gusti Yesus wis jengkar saka ing papan kono, para ahli Toret lan para wong Farisi padha ngincim-incim marang Panjenengane lan ngebyuki Panjenengane kalawan prakara warna-warna,


Marga saka iku padha tansah mindeng marang Gusti Yesus. Banjur nglakokake telik kang sangadi mursid, supaya padha nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan temah bisa ngladekake Panjenengane marang wewenang lan panguwasane wali-nagara.


Dadine Gusti Yesus ora kena dicengkolong ana ing ngarepe wong akeh. Wong-wong mau padha kaeraman krungu paring wangsulane iku lan banjur padha meneng.


Nanging panjenengan sampun ngantos midhangetaken tiyang-tiyang wau, amargi wonten panunggilanipun ingkang cacahipun langkung saking kawan dasa, ingkang sampun mirantos badhe nyegat piyambakipun. Tiyang-tiyang wau sampun sami sumpah kalayan nyupaosi badanipun piyambak boten badhe nedha saha ngombe saderengipun mejahi piyambakipun. Sapunika sampun sami mirantos, kantun ngentosi putusan panjenengan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan