51 wiwit saka getihe Habel nganti getihe Zakharia, kang kapatenan ana ing antarane misbyah lan Padalemaning Allah. Malah Aku pitutur ing kowe: Jinis iki mesthi bakal katempuhake.
Mulane padha tuturana mangkene: Iki bangsa kang emoh ngrungokake swaraning Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan emoh nampani pamerdi! Kaburusane wus sirna, wus oncat saka ing cangkeme.”
Ing sasi kang kawolu ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Zakharia bin Berekhya bin Idho, mangkene:
supaya kowe padha katempuhna wutahing getihe wong kang ora salah wiwit saka Abil wong kang mursid iku, nganti tekan Zakharia anake Berekhya, kang kokpateni ana ing antarane papan suci lan misbyah.
Marga saka pracaya Habel wus nyaosake kurban marang Gusti Allah kang luwih becik katimbang kurbane Kain. Marga saka iku banjur kaseksenan manawa wong bener, amarga pisungsunge ndadekake keparenge Gusti Allah sarta jalaran saka pracaya isih bisa ngucap sawise mati.
Aja kaya Kain, kang asale saka ing pangawak dursila sarta mateni sadulure. Lan apa sababe anggone mateni iku? Amarga sakabehing panggawene ala, lan panggawene adhine becik.