lan marga saka getih kang ora luput kang wus kawutahake, awit Sang Nata wis damel Yerusalem kebak getihe wong kang ora luput, lan iku Pangeran Yehuwah ora karsa ngapura.
Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,
Awit sanyata, Pangeran Yehuwah bakal miyos saka ing padalemane arep ndhawahake paukuman marang para kang manggon ing bumi marga saka kaluputane, sarta bumi ora bakal ndhelikake maneh getih kang kawutahake ing kono, ora nutupi maneh wong-wong kang padha mati pinatenan ana ing kono.
ewasamono para juru pangrusak bakal nekani tanah Babil, para prawirane bakal padha dicekeli lan gandhewane bakal padha remuk, amarga Sang Yehuwah iku Gusti Allah kang paring piwales; Panjenengane mesthi bakal nandukake piwales.
Rambuting sirahira cukuren lan buwangen! Nganakna patangisan ana ing gunung-gunung kang gundhul, awitdene Sang Yehuwah wus nampik lan mbucal bangsa kang ketaman ing bebendune!
Dadi sira aja gawe camahing tanah kang sira enggoni, awitdene getih iku kang gawe camahing nagara, sarta ora bisa dianakake pirukun kanggo nagara marga saka getih kang kawutahake ana ing wewengkone, kajaba mung srana getihe wong kang wus ngwutahake.
Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengene: Heh, para kang binerkahan dening RamaningSun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wis kacawisake marang sira wiwit dumadining jagad.