49 Mulane kawicaksananing Allah ngandika: Ingsun bakal ngutus para nabi lan para rasul, marang wong-wong iku, sarta panunggalane iku ana saparo kang bakal dipateni lan kang dianiaya.
Wiwit rikala leluhurira metu saka ing tanah Mesir tumeka saprene, saben dina ora kendhat-kendhat Ingsun ngutus para abdiningSun, para nabi, marani dheweke,
Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.”
Salajengipun nalika rahipun Stefanus, seksi Paduka kawutahaken, kawula wonten ing ngriku, saha kawula ngrujuki pandamel punika, punapa dene kawula nengga panganggenipun tiyang-tiyang ingkang sami mejahi.
Nanging Saulus ngudi marang sirnane pasamuwan, saben omah dileboni, wong lanang lan wong wadon padha diglandhangi lan dipasrahake marang ing pakunjaran.
Nanging awit saka Panjenengane kowe wus padha ana ing Sang Kristus kang marga saka Gusti Allah wus dadi kawasisan tumrap kita. Panjenengane wus ngleresake, nucekake sarta nebus kita,
Amargi tiyang punika sampun sami ngwutahaken rahipun para suci lan para nabi, Paduka inggih sampun ngombeni rah tiyang-tiyang punika; makaten punika sampun samesthinipun tumrap tiyang-tiyang punika!”
Padha bungaha marga saka iku, he swarga, lan para suci, para rasul sarta para nabi, sabab Gusti Allah wus ndhawahi paukuman marang kutha iku marga saka kowe kabeh.”