Nanging wong-wong padha memoyoki para utusaning Allah mau, ngremehake pangandikaning Allah lan padha gawe geguyon marang para nabine. Mulane Pangeran Yehuwah banjur duka marang umate, nganti ora bisa lilih maneh.
Ewasamono sira padha celathu: Yagene anak kok ora melu nanggung kaluputane bapakne? – Amarga anak iku nglakoni kaadilan lan kabeneran; nindakake sakehing katetepaningSun kalawan setya, mulane mesthi urip.
Bilai kowe, heh para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh, kowe wong-wong lamis, sabab kowe iku padha kaya kuburan, sing dilabur putih; jabane pancen katon resik, nanging ing jerone kebak isi balung jrangkong lan rereged warna-warna.
Mulane kawicaksananing Allah ngandika: Ingsun bakal ngutus para nabi lan para rasul, marang wong-wong iku, sarta panunggalane iku ana saparo kang bakal dipateni lan kang dianiaya.
Sabab sanadyan ngreti marang pamundhute angger-anggere Gusti Allah, yaiku yen sadhengah wong kang padha nglakoni kaya mangkono mau pantes kapatrapan ing paukuman pati, nanging ora ngamungake nglakoni dhewe bae, nanging iya ngrujuki marang kang padha nglakoni mangkono.
Senapati Yusak banjur ngandika marang wong-wong iku: “Kowe padha dadi seksi ing ngatase awakmu dhewe, yen kowe wus padha milih Pangeran Yehuwah lan bakal padha ngabekti marang Panjenengane.” Atur wangsulane wong-wong mau: “Inggih kula sami dados seksi.”