Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 11:46 - Kitab Sutji

46 Nanging Panjenengane banjur mangsuli, pangandikane: “Kowe iya padha bilai, heh, ahli-ahli Toret, amarga kowe padha ngemoti gegawan kang ora bisa kaangkat marang wong, nanging kowe dhewe ora nganti ndumuk gegawan iku kalawan drijimu siji bae.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 11:46
7 Iomraidhean Croise  

Bilai para wong kang gawe katetepan-katetepan kang ora adil, sarta para wong kang gawe pututsan-putusan kang ambek siya,


Dudu! Pasa kang Sunkarsakake iku, yaiku manawa sira nguculi blengguning ambek siya, lan ngudhari tali-talining pasangan, manawa sira ngluwari wong kang kinaniaya tuwin mutungi sakehing pasangan,


Ana siji panunggalane wong-wong mau, yaiku ahli Toret, sing arep nyoba marang Panjenengane, matur pitakon:


Tumuli ana sawijine ahli Toret kang mangsuli, ature: “Guru, manawi Panjenengan ngandika makaten punika, ateges ugi ngremehaken golongan kula.”


Bilai kowe, heh, para ahli Toret, amarga kowe wus padha njupuk kuncining kawruh; kowe dhewe ora lumebu, nanging wong kang arep lumebu padha kokalang-alangi.”


Sabab wong-wong kang padha tetak iku iya padha ora netepi angger-anggering Toret. Nanging karepe supaya kowe padha tetak amrih wong mau bisa gumunggung ing bab kaananmu lair.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan