Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 11:45 - Kitab Sutji

45 Tumuli ana sawijine ahli Toret kang mangsuli, ature: “Guru, manawi Panjenengan ngandika makaten punika, ateges ugi ngremehaken golongan kula.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 11:45
11 Iomraidhean Croise  

Pangandikanipun Sang Nata Israel marang Sang Prabu Yosafat: “Taksih wonten satunggal, ingkang saged dados lantaran anggen kita nyuwun pitedahipun Pangeran Yehuwah. Nanging kula sengit dhateng tiyang punika, awit boten nate meca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung kacilakan, inggih punika Mikha bin Yimla.” Pangandikanipun Sang Prabu Yosafat: “Sang Prabu sampun ngandika makaten.”


Amargi saben kawula wicanten, kapeksa mbengkok, kedah alok-alok: “Ambeksiya! Paniksa!” Amargi pangandikanipun Sang Yehuwah dados cacadan lan pamoyok tumraping kawula, sadinten muput.


Marang sapa anggonku kudu kandha lan nglairake paseksen supaya wong banjur padha nggatekake? Kupinge wong-wong mau nyata ora tetakan; wong-wong iku ora bisa ngrungokake! Lah, pangandikane Sang Yehuwah dadi cacadan, ora disenengi.


Ana siji panunggalane wong-wong mau, yaiku ahli Toret, sing arep nyoba marang Panjenengane, matur pitakon:


Nanging Panjenengane banjur mangsuli, pangandikane: “Kowe iya padha bilai, heh, ahli-ahli Toret, amarga kowe padha ngemoti gegawan kang ora bisa kaangkat marang wong, nanging kowe dhewe ora nganti ndumuk gegawan iku kalawan drijimu siji bae.


Bilai kowe, heh, para ahli Toret, amarga kowe wus padha njupuk kuncining kawruh; kowe dhewe ora lumebu, nanging wong kang arep lumebu padha kokalang-alangi.”


Nanging para wong Farisi lan para ahli Toret padha nampik marang karsane Gusti Allah tumrap awake dhewe, sarana anggone padha ora gelem dibaptis dening Nabi Yokanan.


Para panggedhe lan para wong Farisi apa ana kang pracaya marang wong iku?


Jagad iku ora bisa sengit marang kowe, nanging Aku disengiti, amarga Aku nekseni yen panggawene jagad iku ala.


Pangandika iku kaprungu dening wong Farisi sawatara kang lagi ana ing kono, wong iku tumuli padha munjuk: “Kula punika punapa inggih sami wuta?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan