Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 11:42 - Kitab Sutji

42 Nanging bilai kowe, heh, para wong Farisi, amarga kowe padha mbayar pra sapuluhan kanggo majegi godhong merdinah, inggu lan sawarnane jejanganan, nanging kowe padha nglirwakake kaadilan lan katresnaning Allah. Sing siji kudu dilakoni, lan sijine aja dilirwakake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 11:42
22 Iomraidhean Croise  

Lan kawitane glepungku sair tuwin sakehing pisungsungku kang mligi, wohing sarupaning karang kitri, anggur lan lenga bakal dakgawa menyang ing ngarepe para imam, ing kamar-kamare padalemaning Allahku, sarta pisungsung saprasapuluhane sakehing pametuning bumiku marang para wong Lewi, amarga iya para wong Lewi iku kang narik pisungsung prasapuluhan ing sakehing kutha-kutha patanenku.


Nindakake kabeneran lan kaadilan iku anggone gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah ngluwihi kurban.


Prayogane kang siji gondhelana, sijine aja kokeculake, amarga wong kang wedi marang Gusti Allah iku ora bakal ketaman ing loro-lorone.


“He manungsa, kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik, lan apa kang dadi pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe: kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya, apamaneh andhap-asor ana ing ngarsane Allahmu!”


Anak iku ngajeni bapakne, lan abdi iku ngajeni bendarane. Manawa Ingsun iku jumeneng Rama, endi pakurmatan kang marang Ingsun iku? Sarta manawa Ingsun iki dadi bendara, endi rasa wedi kang marang Ingsun iku? – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang kowe kabeh, – he, para imam kang ngremehake asmaningSun? Nanging sira padha munjuk pitakon: “Kanthi patrap kadospundi anggen kawula ngremehaken asma Paduka?”


Kowe padha gawe sekeling galihe Sang Yehuwah srana celathumu, ewasamono kowe padha takon: “Anggen kula sami damel sekel Panjenenganipun kanthi patrap kadospundi?” Klawan ujarmu kang mangkene: “Sing sapa gawe piala iku becik ana ing paningale Sang Yehuwah; wong kang kaya mangkono iku kang ndadekake keparenge, utawa manawa ora, ana ing ngendi ta Gusti Allah kang paring paukuman?”


Apa kena manungsa ngapusi Gusti Allah, kaya anggonira ngapusi Ingsun? Ewasamono unjukira: “Anggen kawula sami ngapusi Paduka kadospundi patrapipun?” Tumrap pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi.


“Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, awit kowe ngancingi lawange Kratoning Swarga ana ing ngarepe wong, sabab kowe dhewe ora mlebu lan wong kang arep lumebu kokalang-alangi.


Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para wong Farisi, heh wong-wong lamis jalaran dalah godhong mardinah, adas tuwin jinten bae kokbayar prasapuluhane, nanging kang wigati dhewe tumrap angger-anggering Toret koklirwakake, yaiku: kaadilan, kawelasan lan katemenan. Sing siji kudu ditindakake, sijine aja dilirwakake.


Bilai kowe, heh para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh, kowe wong-wong lamis, sabab kowe iku padha kaya kuburan, sing dilabur putih; jabane pancen katon resik, nanging ing jerone kebak isi balung jrangkong lan rereged warna-warna.


Kawula siyam kaping kalih saminggu. Sadaya pamedal kawula, kawula pisungsungaken sapradasanipun.


Nanging tumrap kowe, Aku wus weruh, manawa padha ora kadunungan katresnan sajroning atimu marang Gusti Allah.


Manawa ana wong kang muni: “Aku tresna marang Gusti Allah,” mangka sengit marang sadulure, iku wong goroh. Awit wong kang ora tresna marang sadulure kang kasat mripat, kapriye anggone bisa tresna marang Gusti Allah kang ora katon?


Nanging ature Nabi Samuel: “Punapa Sang Yehuwah karenan dhateng kurban obaran lan kurban sembelehan sami kaliyan pambangun turut dhateng sabdanipun Sang Yehuwah? Mbangun turut punika saestu langkung sae katimbang kurban sembelehan, nggatosaken langkung sae katimbang gajihipun menda jaler.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan