Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 11:41 - Kitab Sutji

41 Mung bae isine iku danakna, lah ing mengko kabeh-kabehe bakal dadi resik tumrap kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 11:41
37 Iomraidhean Croise  

Blaba pawewehe, adedana marang wong miskin, kamursidane tetep ing salawas-lawase, sungune bakal saya dhuwur ing sajroning kamulyan.


Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.


Sing sapa nindhes wong apes, iku ngremehake marang Kang Nitahake, nanging sapa kang welas marang wong miskin, iku ngurmati Panjenengane.


Katresnan lan kasetyan iku njalari dosa kaapura, sarta wedi-asih marang Sang Yehuwah iku margane wong ngedohi piala.


Sing sapa melasi marang wong kang ringkih, iku motangake marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang bakal males panggawene iku.


Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi unjuk pamrayogi kawula punika ndadosna ing keparenging panggalihipun gusti kawula: gusti kawula mugi karsaa ngicali dosa kanthi patrap nindakaken kaadilan, saha ngicali kalepatan kanthi patrap paring sih-piwelas dhumateng tiyang ingkang katindhes – bokmanawi kasugenganipun gusti kawula badhe kalestantunaken!”


Wong-wong miskin iku salawase ana ing kowe, nanging Aku bakal ora salawase woworan karo kowe.


Yen ana wong njejaluk marang kowe, wenehana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowe.”


amarga ora lumebu ing sajroning ati, nanging lumebu ing weteng, banjur kabuwang ing pakiwan?” Pangandika iku mratelakake, yen sakabehe pangan iku kalal.


Barang darbekmu dolana kabeh, banjur dedanaa! Gawea kanthong-kanthong kang ora bisa lawas, nglumpukna rajabrana ing swarga, kang ora bakal entek, kang ora bakal katekanan maling sarta ora bakal karusak dening renget.


Lan Aku pitutur marang kowe: Padha memitrana kalawan migunakake Mamon kang ora temen iku, supaya manawa kowe koncatan Mamon iku, kowe banjur ditampani ana ing tarub kang langgeng.”


Mireng kang mangkono iku Gusti Yesus banjur ngandika: “Isih ana siji kang kudu koklakoni: kabeh barang darbekmu edolana lan edum-edumna marang wong-wong miskin, temah kowe bakal duwe bandha ana ing swarga, nuli mrenea, melua Aku.”


Nanging Zakheus banjur ngadeg lan munjuk marang Gusti: “Gusti, sabarang gadhahan kawula, sapalih badhe kawula sukakaken dhateng tiyang miskin sarta manawi wonten tiyang ingkang sakinten kawula pendheti punapa-punapanipun kanthi patrap ingkang boten sae, badhe kawula wangsulaken tikel sakawan.”


Tumuli kapireng swara maneh kang kaping pindhone kang dhawuh: “Apa kang wus kapangandikakake kalal dening Gusti Allah, aja kokarani karam.”


Para siswa banjur padha mutus arep nglumpukake sumbangan miturut sakadare dhewe-dhewe, bakal dikirimake marang para sadulur ing tanah Yudea.


Sareng sampun sawatawis taun dangunipun, kula wangsul dhateng Yerusalem prelu badhe nyukani dana dhateng bangsa kula saha saos pisungsung.


Awit manawa anggonmu weweh iku kalawan eklas, pawewehmu iku mesthi bakal ditampani, manawa pawewehmu iku awewaton apa kang kokduweni, ora awewaton apa kang ora kokduweni.


Wong kang gawene nyolong, aja nyolong maneh, nanging becik nyambut-gawe kanthi tumemen lan nglakoni pagawean kang becik kalawan tangane dhewe, supaya bisa nguluri wong kang kekurangan.


Tumraping wong kang resik, samubarang kabeh iku resik, nanging tumraping wong kang jember lan kang ora pracaya, ora ana barang siji bae kang resik, awit pikirane lan rumangsaning atine jember.


Sarta aja lali nindakake kabecikan lan aweh pitulungan, jalaran iya kurban-kurban kang mangkono iku kang ndadekake keparenge Gusti Allah.


Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.


Pangibadah kang murni sarta tanpa cacad ana ing ngarsaning Allah, Rama kita, yaiku niliki bocah lola sarta para randha sajroning kasusahane lan njaga supaya awake dhewe aja nganti kena ing jejembering donya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan