Gusti Allah banjur ngandika: “Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kewan ingon tuwin bumi iki kabeh sarta marang sarupane kewan kang gumremet ana ing bumi.”
nalika samana Sang Yehuwah Allah tumuli akarya manungsa, kang kinarya lebuning bumi, iku ing bolonganing irunge disebuli ambekaning urip; mangkono manungsa dadi titah kang urip.
Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud. Wong punggung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah.” Apa kang dilakoni iku jember lan nistha, ora ana kang nglakoni kabecikan.
“He wong kang ora duwe pangalaman, nganti pira lawase, anggonmu isih nresnani kaananmu iku, tukang poyok anggone seneng memoyok lan wong bodho anggone sengit marang kawruh?
Wangsit Pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake tumrap Israel: Pangandikane Sang Yehuwah kang njereng langit lan kang nalesi bumi, sarta kang nitahake roh ing sajroning manungsa:
Nabi Musa lan Imam Harun tumuli padha sumungkem sarta matur: “Dhuh Gusti, Allah ingkang mengku rohipun sawarnining tumitah. Tiyang satunggal ingkang damel dosa, punapa inggih Paduka lajeng badhe maringi bebendu dhateng pasamuwan punika sadaya?”
Ananging dhawuhe Gusti Allah marang wong mau: Heh, wong kang tanpa budi, bengi iki uga nyawanira bakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kang wis sira cawisake iku, kanggo apa bakale?
Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Heh wong kang padha tanpa budi lan kang randhat ing pamikir, temah ora pracaya marang samubarang kabeh, kang wis kapangandikakake dening para nabi!
Sabanjure; saka bapa kita kang sabenere, kita wus kapatrapan, mangka iku padha kita eringi, mendahane maneh manawa kita oraa kudu sumuyud marang Ramane sakabehing roh, supaya kita kepareng urip?