Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 11:4 - Kitab Sutji

4 Saha mugi karsaa ngapunten dosa kawula, awitdene kawula inggih sami ngapunten dhateng saben tiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih mugi kawula sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 11:4
31 Iomraidhean Croise  

Sang Malaekat kang wus nguwalake aku saka sarupaning bebaya, muga karsaa mberkahi bocah-bocah anom iki, supaya dadia jalarane jenengku sarta asmane eyangku lan ramaku, iya Eyang Abraham lan Rama Iskak dadi misuwur marga saka bocah-bocah iki, sarta padha ngambra-ambra nganti dadi akeh banget ana ing bumi.”


Paduka mugi karsaa miyarsakaken wonten ing swarga saha karsaa ngapunten dosaning umat Paduka Israel lan karsaa mangsulaken dhateng ing tanah ingkang sampun Paduka paringaken dhateng leluhuripun.


mugi Paduka karsaa midhangetaken wonten ing swarga saha karsaa ngapunten dosaning abdi-abdi Paduka, inggih umat Paduka Israel punika – amargi Paduka ingkang sampun paring pitedah bab margi ingkang sae ingkang kedah dipun anut – saha mugi Paduka karsaa paring jawah dhumateng siti Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng umat Paduka dados tanah-pusakanipun.


Kowe bakal direksa dening Sang Yehuwah, tumrap ing sakehing bilai; nyawamu direksa.


Margi saking asma Paduka, dhuh Yehuwah, mugi karsaa ngapunten kalepatan kawula, awit punika ageng.


Paduka mugi karsaa mirsani kasangsaran saha kangelan kawula, saha sakathahing dosa kawula mugi kaapuntena.


Dhuh Pangeran, mugi karsaa miyarsakaken! Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring pangapunten! Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken saha lajeng karsaa tumindak, sampun ngantos ngrandhataken, awit saking Paduka piyambak, dhuh Allah kawula, sabab kitha Paduka saha umat Paduka kasebut mawi asma Paduka!”


He Israel, padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu, dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu.


Samono uga RamaKu kang ana ing swarga iya bakal tumindak mangkono tumrap ing kowe, manawa kowe dhewe-dhewe ora gelem ngapura marang kaluputane sadulurmu kanthi terusing ati.”


Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe aja tumiba ing panggodha. Roh iku pancen cumandhang, nanging daging iku ringkih.”


Banjur padha dipangandikani maneh mangkene: “Manawa panunggalanmu ing wayah tengah wengi menyang ing omahe mitrane lan kandha: Sadulur, bok aku kokutangi roti telu bae.


Utawa maneh apa pangiramu wong wolulas kang padha mati kerubuhan menara ing Siloam kae kaluputane ngluwihi wong ing Yerusalem liyane kabeh?


Nuli padha dipangandikani: “Yagene kowe padha turu? Tangia lan ndedongaa, supaya aja padha klebu ing panggodha.”


Kang tumiba ing padhasan iku wong kang bareng krungu pangandika mau banjur ditampani kalawan bungah, nanging iku ora ana oyode, anggone pracaya mung sadhela lan bareng kena cobaning ngaurip banjur padha murtad.


Kawula boten nyuwun, supados sami kapundhuta saking donya, namung supados Paduka reksa, sampun ngantos kapanduk ing piawon.


Kang padha kokalami iku pacoban-pacoban kang lumrah, kang ora ngluwihi kakuwataning manungsa. Sabab Gusti Allah iku setya tuhu, ora bakal negakake kowe kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu. Manawa kowe kena ing coba, Panjenengane bakal maringi marganing luwar, satemah kowe padha bisa mbetahake.


Padha sabar-sinabarana kayadene Gusti Allah anggone wus ngapura kowe, kowe iya tumindaka mangkono uga.


Nanging Gusti iku setya-tuhu. Panjenengane bakal nyantosakake atimu lan ngayomi kowe kabeh saka ing piala.


Karodene Gusti bakal ngluwari aku saka ing sarupane panggawe ala. Panjenengane bakal milujengake aku, satemah aku banjur lumebu ing Karatone ing Swarga. Panjenengane linuhurna ing salawas-lawase! Amin.


Awitdene tumindake pangadilan iku bakal tanpa welas ing ngatase wong kang ora nglakoni kawelasan. Nanging kawelasan iku bakal unggul lawan pangadilan.


Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsaran kang kudu sira sangga! Lah sanyatane Iblis bakal nglebokake wong sawatara panunggalanira marang ing pakunjaran supaya sira kadadara sarta sira bakal kataman ing kasusahan sapuluh dina lawase. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.


Sarehne sira wus netepi marang pangandikaningSun, supaya kalawan sabar mantep nganti-anti marang Ingsun, mulane Ingsun iya bakal ngreksa sira ing dina pacoban kang bakal nekani ing sajagad kabeh kanggo ndadar wong kang padha manggon ing bumi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan