dene wong-wong kang padha ana ngarep lawang, kabeh padha kena wewelak dadi picak, kang cilik dalah kang gedhe, temahan anggone nggoleki lawang ora bisa ketemu.
Awit Pangeran Yehuwah wus ndadekake kowe padha turu kepati; mripatmu – yaiku para nabi – wus kaeremake lan raimu – yaiku para wong sidik – wus dikrudhuki.
Sapa kang wuta yen dudu panunggalane abdiningSun, tuwin kang budheg kaya utusaningSun? Sapa kang wuta kaya utusaningSun lan kang budheg kaya abdining Yehuwah?
Wong kang kaya mangkono iku ora sumurup apa-apa lan ora ngreti apa-apa, sabab mripate kraket merem, satemah ora bisa ndeleng; tuwin atine uga buntet, mulane ora bisa mangreti.
Bilai para wong kang ngarani piala iku becik lan kabecikan iku ala, kang ngowahi pepeteng dadi pepadhang lan pepadhang dadi pepeteng, kang ngowahi pait dadi legi, lan legi dadi pait.
Atine bangsa iki gawenen ndableg lan kupinge sira dadekna jampeng sarta mripate gawenen merem kraket, supaya aja padha bisa ndeleng kalawan mripate lan krungu kalawan kupinge tuwin mangreteni kalawan atine, satemah banjur mratobat lan dadi waras.”
Saiki delengen, astaning Pangeran nempuh marang kowe, kowe dadi picak, sawatara dina kowe ora bisa ndeleng srengenge.” Lan sanalika iku uga wong mau rumangsa kalimputan ing pepeteng lelimengan, sarta banjur grayah-grayah golek wong kang nuntun dheweke.
Sadina-dina tansah padha nglumpuk ana ing Padaleman Suci kalawan tegen sarta saiyeg. Padha nyuwil-nyuwil roti ana ing omahe giliran, padha mangan bebarengan kalawan bungah lan ati kang tulus,
supaya ngelekake mripate, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing panguwasaning Iblis lan ngungsi marang Gusti Allah, supaya padha oleh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadene banjur tampa warisan ana ing satengahe para kang wus kasucekake.
Iki kang dakagung-agungake, iya iku paseksene rumangsaning atiku, yen lakuku ana ing jagad iki, apa maneh ing bab gegayutanku karo kowe, iku marga saka dayaning temen lan murni kang saka ing Allah, ora marga saka dayaning kawicaksanan kadonyan, nanging marga saka sih-rahmating Allah.
Nanging aku sumelang bokmanawa angen-angenmu kasasarke saka kasetyanmu kang sejati marang Sang Kristus, padha kaya Ibu Kawa kablithuk dening ula sarana kajuligane.
yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angene wus dipicakake dening allahe jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injile kamulyane Sang Kristus, kang dadi citrane Gusti Allah.
supaya Allahe Gusti kita Yesus Kristus, yaiku Sang Rama kang asipat mulya iku, karsa paring Rohing kawicaksanan lan wahyu marang kowe satemah kowe banjur wanuh marang Panjenengane kanthi sabenere.
He para abdi, manut-mituruta marang bendaramu kang ana ing donya kanthi wedi lan geter sarta kalawan tulusing ati, padha kaya anggonmu manut-miturut marang Sang Kristus,
He, para batur, mituhua marang bandaramu kadonyan ing sadhengah prakara, aja mung ana ing sapangarepan anggonmu gawe senenge, nanging diklawan tulusing ati kang marga saka wedi marang Gusti,