33 “Ora ana wong nyumed damar kang banjur didekek ing longan utawa ditutupi ing tompo, nanging didekek ing jodhog, supaya kabeh wong kang lumebu bisa ndeleng padhange.
Apa kang Dakpituturake ana ing petengan, iku kandhakna ana ing padhangan; lan apa kang kokrungokake kanthi bisik-bisik, iku padha wartakna saka ing payon-payon.
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sadina iku apa ora rolas jam? Sapa kang lumaku ing wayah awan, mesthi ora kesandhung, marga ndeleng padhange jagad iki.