Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 11:32 - Kitab Sutji

32 Besuk ing dina pangadilan, wong-wong ing Niniwe bakal padha tangi bebarengan karo jinis iki, lan bakal ngukumi wong-wong iki. Amarga wong-wong Niniwe iku bareng ngrungokake pituture Nabi Yunus banjur padha mratobat, mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Nabi Yunus.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 11:32
9 Iomraidhean Croise  

Nabi Yunus tumuli lumebet ing kutha kono, dohe nganti lakon sadina, banjur nguwuh-uwuh: “Kurang patang puluh dina, Niniwe mesthi bakal kagempur.”


Wong Niniwe iku padha ngandel marang Gusti Allah, mulane tumuli padha ngundhangake puwasa lan manganggo bagor, wiwit kang diwasa tumeka bocah-bocah.


Ing kono pangandikane Gusti Allah marang Nabi Yunus: “Anggonira nepsoni wit jarak iku apa wis sabenere?” Unjuke Nabi Yunus: “Inggih sampun saleresipun kemawon anggen kawula nepsu ngantos dumugi pejah.”


Nanging paring wangsulane: “Jinis kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan, kajaba mung pratandhane Nabi Yunus.


Besuk ana ing pangadilan wong-wong Niniwe bakal tangi bareng karo jinis iki lan bakal ngadili jinis iki. Sabab wong-wong Niniwe iku sawise ngrungokake piwulange Yunus, banjur padha mratobat, lan mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Yunus.


Besuk ing dinane pangadilan, ratu putri saka ing tanah Kidul bakal maju bareng karo jinis iki lan bakal ngukumi wong-wong iku. Amarga ratu iki rawuh saka ing pungkasaning bumi arep mirengake kawicaksanane Sang Prabu Suleman, mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Sang Prabu Suleman.


Sabab iya Imam Agung kang kaya mangkono iku kang kita butuhake, yaiku kang suci, tanpa salah, tanpa blentong, kang pinisah karo para wong dosa sarta ngungkuli sungsun-sungsune swarga,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan