24 “Samangsa dhemit iku wis metu saka ing wong, banjur nglembara menyang ing papan-papan kang mluwa golek palereman, nanging sarehne ora oleh, nuli muni mangkene: Dakulihane tilas omahku.
tanah pawedhen kang anget bakal dadi blumbang, lan tanah kang ngerak bakal dadi sumber; papan pandhodhotaning asu ajag bakal kathukulan tebu lan pandhan.
Sabab Ingsun bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak, lan udan deres ing panggonan kang garing. Ingsun bakal ngesokake RohingSun ing sirahe turunira, lan berkahingSun marang anak-putunira.
Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha teka ngrubung, banjur ndukani dhemite, pangandikane: “Heh, roh kang marakake bisu lan budheg, dhawuhKu marang kowe: Metua saka ing bocah iki lan aja koksurupi maneh!”
Kowe biyen padha dumunung ana ing kono, awit kowe ngenut lakuning donya iki, lan mbangun-miturut marang panguwasane karajan awang-awang, yaiku roh kang saiki lagi nandukake dayane ana ing satengahe para wong duraka.