Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 11:2 - Kitab Sutji

2 Gusti Yesus banjur mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe padha ndedonga, padha munjuka mangkene: Dhuh Rama, asma Paduka mugi kasucekna; Kraton paduka mugi rawuha.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 11:2
45 Iomraidhean Croise  

mugi Paduka ugi karsa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, punapa dene Paduka mugi karsaa tumindak salaras kaliyan sadaya ingkang dipun unjukaken dening tiyang manca wau dhumateng Paduka, supados sadaya bangsa ing bumi sami tepang kaliyan asma Paduka, satemah sami ajrih dhumateng Paduka kados dene umat Paduka Israel saha lajeng sami sumerep, bilih asma Paduka kaucapaken tumrap ing padaleman ingkang sampun kawula degaken punika.


Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula sadaya saking ing tanganipun, supados karajan ing bumi sami nyumerepi, bilih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Gusti Allah, dhuh Yehuwah.”


sarta munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula sadaya, Paduka punapa sampun boten jumeneng Gusti Allah wonten ing swarga? Paduka punapa sanes ingkang ngwaosi sadaya karajaning bangsa? Paduka ingkang kadunungan pangwaos saha kakiyatan, satemah boten wonten tiyang ingkang keconggah nglawan Paduka.


He para malaekate, para prawira prakosa kang nglakoni apa sadhawuhe, kalawan ngrungokake swaraning pangandikane, padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah.


awit sih-kadarman Paduka punika agengipun ngungkuli langit, saha kasetyan Paduka ngantos sundhul ing mega.


Sang Yehuwah ana ing padalemane kang suci; Sang Yehuwah dhampare ana ing swarga; tingale maspadakake, kedheping tingale niti-priksa anaking manungsa.


Awit sih-kadarman Paduka luhuripun sundhul ing akasa, sarta kaleresan Paduka sundhul ing mega.


Awit kayadene jalarane ngimpi iku marga saka akehing pagawean, mangkono uga rembuge wong bodho iku iya marga saka akehe tembung-tembunge.


Paduka punika rak Rama kawula sadaya? Rama Abraham saestu boten uninga punapa-punapa ing bab kawula sadaya, saha Rama Israel boten tepang kaliyan kawula sadaya. Dhuh Yehuwah, Paduka piyambak punika Rama kawula sadaya; asma Paduka punika “Panebus kawula” wiwit ing jaman kina.


Ingsun bakal nucekake asmaningSun kang luhur kang wus sira najisake ana ing satengahe para bangsa, kang sira najisake ana ing satengahe wong-wong iku. Satemah para bangsa bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – yaiku samangsa Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang sira ana ing sangarepe para bangsa.


Namung kemawon ing swarga wonten Allah ingkang mbuka wewados-wewados; Panjenenganipun sampun paring sumerep dhumateng gusti kawula Sang Prabu Nebukadnezar bab punapa ingkang badhe kalampahan ing dinten-dinten ingkang badhe dhateng. Wondene supena saha wahyu-wahyu ingkang kapirsanan dening gusti kawula wonten ing pasarean punika makaten:


Nanging ing jamanipun para ratu, Allahipun saindenging langit badhe ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhe risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhe pindhah dhateng bangsa sanes: karajan punika badhe nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhe madeg ing salami-laminipun,


Sawuse iku para wong suci kagungane Kang Mahaluhur bakal padha nampani paprentahan, lan bakal nyekel paprentahan iku ing salawas-lawase, malah langgeng ing salawase.


Sawuse mangkono paprentahan, pangwasa lan kamulyaning karajan-karajan ing sangisore saindenging langit bakal kaparingake marang para wong suci, umat kagungane Kang Mahaluhur; paprentahane iki paprentahan kang langgeng sarta sakehing pangwasa bakal ngabdi lan mbangun miturut marang para suci mau.


He Israel, padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu, dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu.


Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Iya iki kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah: Ingsun nelakake kasuceningSun marang wong kang cedhak kalawan Ingsun, sarta nglairake kamulyaningSun ana ing ngarepe wong sabangsa kabeh.” Anadene Imam Harun mung kendel bae.


Nanging sapi utawa wedhus kang kedawan utawa kecendheken gegelitaning badane, iku kena sira saosake kanggo kurban manasuka, nanging manawa kanggo kurban punagi, Pangeran Yehuwah mesthi ora rena marang sira.


Amarga bumi bakal kawratanan kawruh bab kamulyaning Yehuwah, kayadene sagara anggone kasasaban ing banyu.


Saben wong kang ngakoni Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal Dakakoni ana ing ngarsane RamaKu kang ana ing swarga.


“Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”


Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.”


Ing sawijining dina Gusti Yesus ndedonga ana ing salah sawijining panggonan; bareng wis kendel, ana sakabate siji kang munjuk: “Gusti, kawula mugi sami Pduka wulang ndedonga, sami kados ingkang dipun wulangaken dening Nabi Yokanan dhateng para sakabatipun.”


marang sakehe para sadulur kang manggon ing kutha Rum, iya para kekasihe Gusti Allah, kang katimbalan lan kadadekake suci. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus.


Awit kowe padha ora nampani rohing pangawulan kang njalari kowe dadi wedi maneh, nanging kowe wis padha nampani Sang Roh kang njalari kowe dadi putrane Gusti Allah. Marga saka Roh iku kita banjur padha nyebut: “Abba, Rama!”


Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus, anaa ing kowe kabeh.


Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.


kang wus masrahake sarirane krana dosa-dosa kita, supaya kita diluwarana saka ing jagad ala kang saiki iki, manut karsane Gusti Allah lan Rama kita,


Sih-rahmate lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.


Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.


Gusti Allah iya Rama kita kaluhurna ing salawas-lawase! Amin.


marang para sadulur kang suci lan kang pracaya ana ing patunggilane Gusti Kristus, kang ana ing Kolose. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita, anaa ing kowe kabeh.


Saka Paulus, Silwanus lan Timoteus marang pasamuwane wong-wong ing Tesalonika, kang ana ing Allah Sang Rama lan ana ing Gusti Yesus Kristus. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh.


Sabab aku tansah padha eling marang pagaweaning pracayamu, pambudi-dayaning katresnanmu sarta kaantepaning pangarep-arepmu marang Gusti kita Yesus Kristus ana ing ngarsane Gusti Allah lan Rama kita.


Anadene Panjenengane, Gusti kita Yesus Kristus, lan Gusti Allah, Rama kita, kang sajroning sih-rahmate wus ngasihi kita sarta kang wus ngganjar panglipur kang langgeng tuwin pangarep-arep becik marang kita,


Bareng malaekat kang kapitu ngungelake kalasangkane, tumuli ing swarga keprungu swara banter padha muni mangkene: “Paprentahan ing donya iku kaasta dening Pangeran kita lan Sang Jebadane, sarta Panjenengane bakal jumeneng Ratu langgeng salawas-lawase.”


Dhuh Pangeran, sinten ingkang boten ajrih, saha boten ngluhuraken Asma Paduka? Awit namung Paduka piyambak ingkang suci; amargi sakathahipun bangsa sami badhe sowan sarta nyembah sujud dhateng Paduka, sabab sampun katingal leresing sadaya pangadilan Paduka.”


Aku banjur krungu kaya swarane wong golongan gedhe, kaya gumrojoging banyu akeh lan kaya swarane gludhug kang banter, tembunge: “Haleluya! Dene Pangeran, Allah kita, Kang Mahakuwaos, wus jumeneng raja.


Aku banjur weruh dhampar-dhampar lan kang padha nglenggahi; sarta tumuli padha kaampilan pangadilan. Aku uga weruh nyawane wong-wong kang wus katigas gulune marga saka paseksene marang Gusti Yesus lan marga saka pangandikane Gusti Allah; kang ora padha sujud marang si kewan utawa marang recane, sarta ora nampani ciri ing bathuke lan ing tangane, iku kabeh padha urip maneh lan ndherek jumeneng ratu kalawan Sang Kristus lawase sewu taun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan