Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 11:15 - Kitab Sutji

15 Nanging ana saweneh kang padha ngucap mangkene: “Anggone nundhung dhemit iku nganggo panguwasane Beelzebul panggedhening para dhemit.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 11:15
11 Iomraidhean Croise  

Tumraping sakabat wus cukup, yen nganti nemu lelakon padha kaya gurune, lan tumrap abdi, yen nemu lelakon padha kaya bandarane. Manawa kang duwe omah disebut Beelzebul, apamaneh brayate saomah.


Sawise iku banjur ana wong kang kasurupan, tur picak lan bisu, disowanake menyang ngarsane, nuli diwarasake dening Gusti Yesus, satemah kang picak lan bisu mau banjur bisa guneman lan ndeleng.


Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar ing tanah Siria kabeh; sakehe wong, kang nandhang lelara banjur padha disowanake menyang ing ngarsane, kang rupa-rupa lelarane lan sangsarane, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake.


Nanging ujare para wong Farisi: “Anggone nundhungi dhemit iku kanthi panguwasane panggedhening para dhemit.”


“Wong iku kapanjingan dhemit sarta owah; yagene padha kokrungokake?”


Atur wangsulane wong akeh: “Sampeyan punika kapanjingan dhemit. Ingkang ngangkah pejah sampeyan sinten?”


Wong Yahudi padha mangsuli: “Rak ya bener, ta, kandhaku yen kowe iku wong Samaria kang kapanjingan dhemit?”


Pangucape wong-wong Yahudi: “Saiki aku padha weruh yen Kowe iku kranjingan dhemit. Rama Abraham seda para nabi mangkono uga, mangka Kowe iku kok duwe pangucap: Sapa wong kang netepi ing pituturKu, bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan