14 Ing sawijining dina Gusti Yesus nundhung dhemit kang marakake bisu marang wong. Bareng dhemite wis metu, wonge bisa calathu. Wong akeh padha kaeraman.
Ing wektu iku wong lumpuh bakal mlumpat-mlumpat kaya menjangan, tuwin cangkeme wong bisu bakal surak-surak; amarga ara-ara samun bakal metokake sumber, sarta pasamunan bakal ana kaline;
Bareng Gusti Yesus mireng kang mangkono iku, Panjenengane kaeraman, banjur ngandika marang kang padha ndherek: “Satemene pituturKu marang kowe: Pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon ana ing satengahing bangsa Israel.