Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 10:9 - Kitab Sutji

9 wong kang padha lara ing kono padha warasna, apamaneh wong-wong padha tuturana: Kratoning Allah wis nyedhaki kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 10:9
15 Iomraidhean Croise  

Nanging ing jamanipun para ratu, Allahipun saindenging langit badhe ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhe risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhe pindhah dhateng bangsa sanes: karajan punika badhe nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhe madeg ing salami-laminipun,


“Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”


Wiwit nalika iku Gusti Yesus nggelarake piwulang, pangandikane: “Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”


Gusti Yesus ngandika maneh: “Kratoning Allah iku kita upamakake apa? Utawa kena kita gambar nganggo pasemon apa?


lan akeh setan kang padha ditundhungi lan akeh wong lara kang padha dilengani sarta diwarasake.


Nanging manawa kowe lumebu ing sawijining kutha mangka kowe ora ditampani, lungaa menyang ing dalan-dalan gedhe ing kutha iku sarta nguwuha mangkene:


Dalasan bleduging kuthamu kang tumempel ing sikilku dakketabake ana ing ngarepmu, nanging sumurupa: Kratoning Allah wis cedhak.


Banjur padha diutus martakake Kratoning Allah lan marasake wong lara,


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Satemen-temene pututurKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah.”


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah.


Pramila kauningana, bilih kawilujengan ingkang saking Gusti Allah punika lajeng kaparingaken dhateng bangsa-bangsa sanes ingkang sami badhe mirengaken.” [


Panjenengane martakake Kratoning Allah lan mulang bab Gusti Yesus Kristus kalawan tatag sarta ora ana kang mambengi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan