7 Kowe tetepa ana ing kono, mangana lan ngombea apa kang disuguhake marang kowe, amarga wong nyambut-gawe iku wis samesthine oleh pituwas. Aja ngolah-ngalih pamondhokmu.
Sabanjure padha dipangandikani mangkene: “Yen ana ing sawijining panggonan kowe wis ditampani ana ing omah, kowe mondhoka ana ing kono nganti kowe mangkat saka ing kono.
Sawise kabaptis sabrayat pisan, banjur darbe atur mangkene: “Manawi panjenengan sampun sami manggalih, bilih kula saestu pitados dhateng Gusti, sumangga sami kula aturi rawuh saha nyare ing griya kula.” Mangka banget panggubele, nganti aku kabeh kapeksa nuruti.
Sakarone banjur didherekake menyang ing omahe lan padha dicaosi pisegah. Lurah pakunjaran mau banget bungahe dene dheweke lan kabeh wong saisining omahe wis padha manjing pracaya marang Gusti Allah.
Kowe nuli padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dhewe, iya anak-anakmu lanang lan wadon, batur-baturmu lanang lan wadon, dalah wong Lewi kang dedunung ana ing panggonanmu, marga iku ora melu nduweni tanah pusaka ing tengahmu.
Sarta maneh padha kulina mlebu metu ing omahing wong kalawan nganggur, lan malah ora mung nganggur bae, nanging iya karo ngoceh lan nyampuri prakarane wong liya sarta ngandhak-ngandhakake bab-bab kang ora pantes.