nanging banjur kasusahaning donya iki lan panasaraning kasugihan apadene kamelikan-kamelikan marang bab liya-liyane iku padha sumusup ing ati lan ngendhih pangandika mau, temahan ora metu wohe.
Kacarita anggone padha lumaku ndherekake Gusti Yesus tekan ing sawijining desa. Ana ing kono Panjenengane ditampani dening wong wadon kang aran Marta ana ing omahe.
dene Marta ribut banget anggone leladi, mulane banjur marek sarta munjuk: “Gusti, punapa Paduka boten nggalih, bilih sadherek kawula metelaken kawula lelados piyambak? Mila mugi Paduka dhawuhi ngrencangi kawula.”
Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabate: “Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, apa kang bakal kokpangan, lan aja sumelang ing bab awakmu, apa kang bakal koksandhang.
“Padha jaganen awakmu dhewe, atimu aja nganti kabotan dening pista gedhen lan mendem, tuwin dening kasusahaning ngaurip sarta supaya Dinaning Pangeran mau aja nganti tumempuh marang kowe kalawan dadakan kayadene kalajiret.
Kang tumiba ing thethukulan eri iku wong kang padha ngrungokake pangandika, nanging sajrone thukul iku tumuli kelindhih ing rasa sumelang, kasugihan lan kanikmataning ngaurip satemah ora bisa metokake woh kang mateng.