Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 10:40 - Kitab Sutji

40 dene Marta ribut banget anggone leladi, mulane banjur marek sarta munjuk: “Gusti, punapa Paduka boten nggalih, bilih sadherek kawula metelaken kawula lelados piyambak? Mila mugi Paduka dhawuhi ngrencangi kawula.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 10:40
12 Iomraidhean Croise  

Sorene para sakabate padha sowan ing ngarsane lan matur: “Panggenan punika samun tur sampun wiwit peteng. Tiyang kathah punika prayogi kadhawuhan kesah tumbas tedha dhateng ing dhusun-dhusun.”


Nanging Petrus banjur nggered Panjenengane kalawan munjuk: “Gusti, mugi Gusti Allah nebihaken bab punika! Sampun pisan-pisan Paduka ngantos kataman ingkang makaten punika.”


Bareng kulawangsane padha krungu, banjur padha teka arep nyekel Panjenengane, amarga padha ngarani Panjenengane gerah gingsir.


Kacarita anggone padha lumaku ndherekake Gusti Yesus tekan ing sawijining desa. Ana ing kono Panjenengane ditampani dening wong wadon kang aran Marta ana ing omahe.


Nanging Gusti mangsuli, pangandikane: “Marta, Marta, kowe iku nyumelangake lan nggrantesake prakara akeh,


Mulane aja padha mrihatinake apa kang bakal kokpangan lan kokombe sarta aja melang-melang.


Nanging Gusti Yesus nuli minger ndukani sakabat-sakabat mau.


Nuli ana sawijining wong kang lagi lara, jenenge Lazarus, omahe ing Betania, ing desane Maryam lan Marta sadulure wadon.


Anadene Marta lan mbakyune tuwin Lazarus iku, pancen padha ditresnani dening Gusti Yesus.


Ana ing kono Panjenengane kasugata dhahar lan Marta ngladeni, dene Lazarus iku panunggalane kang ndherek kembulan karo Gusti Yesus.


Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang kowe dening Putraning Manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus disahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan