Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 10:4 - Kitab Sutji

4 Aja padha nggawa kanthong utawa cangklong tuwin trumpah sarta sajrone ana ing dalan iku aja uluk salam karo sapa bae.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 10:4
13 Iomraidhean Croise  

Nanging bareng disuguh mangan, wong mau banjur matur: “Kula boten badhe nedha, manawi dereng ngaturaken kaperluan kula.” Pangucape Laban: “Sumangga panjenengan lairaken!”


Nanging wangsulane: “Kula sampun panjenengan penggak! Amargi Sang Yehuwah sampun damel kasiling lampah kula, kula panjenengan lilani wangsul dhateng bendara kula.”


Kuldine tumuli diabah-abahi lan bature diprentahi: “Kuldine tuntunen lan lakokna kang rikat sarta sajrone lumaku aja nganggo mandheg, manawa ora dakkon.”


Nabi Elisa nuli ngandika marang Gehazi: “Sabukana, tekenku gawanen lan mangkata. Manawa kowe kepethuk wong, aja kokuluki salam lan yen ana wong kang nguluki salam marang kowe, aja kokwangsuli, tekenku iki banjur tumpangna ing dhuwure bocah iku.”


Mripatmu kareben terus mandeng mangarep, lan pandelenge mripatmu tansah katujokna mangarsa.


Para sakabat rolas tumuli padha katimbalan lan padha kautus ngloro-ngloro sarta padha kaparingan panguwasa misesani para dhemit,


Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Nalika kowe padha dakutus kae, ora nggawa rajut, kanthong utawa trumpah, apa kowe tau padha kekurangan apa-apa?”


Sang Dawud ngandika marang Imam Akhimelekh: “Ing ngriki panjenengan punapa boten kagungan waos utawi pedhang? Amargi pedhang utawi dedamel kula boten kula bekta, amargi dhawuhipun Sang Prabu sarwi dadakan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan