Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 10:39 - Kitab Sutji

39 Wong iku duwe sadulur wadon jenenge Maryam, iku linggih cedhak ing sampeyane Gusti lan tansah ngrungokake pangandikane,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 10:39
11 Iomraidhean Croise  

Bareng Nabi Elisa wangsul menyang ing Gilgal, nagara kono lagi ketaman ing pailan. Nalika ing sawijining dina ana nabi sapantha kang ngadep ana ing ngarsane, panjenengane ngandika marang abdine: “Numpangna kwali kang gedhe dhewe ing geni, nabi sapantha iku olahna kang dipangan.”


Rahayu wong kang ngrungokake sadhawuhingSun, kang sadina-dina caos ana ing lawangingSun, lan jaga ana ing pipining gapuraningSun.


mangka kang prelu iku mung siji: Maryam wis milih panduman kang becik dhewe, kang ora bakal kajupuk saka ing dheweke.”


Kacarita sawise telung dina ketemu ana ing Padaleman Suci lagi lenggah ana ing satengahe para alim-ulama, mirengake piwulange, sarta tetaken.


Wong-wong nuli padha metu arep nyumurupi apa kang mentas kalakon. Banjur padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus sarta padha nyumurupi wong kang wis ditinggal dening setan-setane mau linggih cedhak ing sampeyane Gusti Yesus, wis manganggo lan wis waras. Wasana padha wedi.


Nuli ana sawijining wong kang lagi lara, jenenge Lazarus, omahe ing Betania, ing desane Maryam lan Marta sadulure wadon.


Anadene wong Yahudi wus akeh kang padha teka ing omahe Marta lan Maryam prelu nglipur anggone kesripahan sadulure.


Maryam banjur njupuk lenga jebad nared tulen kang akeh ajine, bobote satengah kati, banjur dijebadake ing sampeyane Gusti Yesus, tumuli diusapi kalawan rambute. Ing sajroning omah kabeh kongsi kebak gandane jebad mau.


“Kula punika tiyang Yahudi, kalairan ing Tarsus ing tanah Kilikia, nanging kagulawenthah wonten ing kitha ngriki, kawulang kalayan taliti ing bab netepi angger-anggeripun para leluhur kita wonten ing ngarsaning sampeyanipun Sang Gamaliel, matemah kula lajeng dados tiyang ingkang meleng ing pangabekti dhumateng Gusti Allah, kados panjenengan sadaya punika.


Sanyata, Panjenengane ngasihi marang umate, sakehe para abdine kang suci, – punika sami wonten ing pamengku Paduka saha sami ngadhep wonten ing ngarsaning sampeyan Paduka saha nampeni punapa-punapa saking pangandika Paduka.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan